Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
10 dari 170
63–64 dari 856
629–638 dari 8.560
| 010.040 | kang mandira ramya dèn tingali | kêmbangira kadya sampun nyasya[1] | mapan mandah ing angine | kapya sira anêmpuh | panging adoh soka lir ing ngigil |[2] pan dèn ulah pan juga | pan masah[3] manusuh[4] | pan jroning ni bramaranya | pan kayakan wanodya punika angling | marêp maring rahadyan || |
| 010.041 | kayu alas kabèh padha wangi | lir kalêmbak myang wraksa cêndhana | masayi adas cêngkèhe | kasturi kayu garu | nagasari lawan kamuning | widasari capaka[5] | lawan pacar dadu | adong[6] bang lan kanigara | myang argulo gambir kalawan malathi | endah sêkar sridênta || |
| 010.042 | pratalanya lir salaka putih | karikilnya lir manik panminya[7] | căndra katon [[f. 56r]: kato...n] myang manike | suryakăntha bra murub | mirah nila pakaja êning | itên[8] myang nawa sanga | ujalanya murub | ing wêngi mulya raina | sa yyang surya ujala manik ta uni | merang maring ujala || |
| 010.043 | purwa ri agêng kayu kapuring | kulitira tumitis gêtihnya | aputih ika warnane | ing surya katon dhawuh | gêtihira amaratani | ya ta ing idunya pa- | ma kumukus marbuk | mingi gandane akongas | yèn jalmaa kadya manuk sunga isi | gănda ngaubi radyan ||[9] |
| 010.044 | Radèn Patah glis sang maha yêkti | ciptanira lir wraksa cêndhana | dinina dinadar dumèh |[10] pamasulya[11] mrik arum | dening budi wahya wiyati | kesisan roning imba | nirdeya tan ketung | sanetya sêtya susêtya | tilar sakèh gêlah-gêlah tata sukti | brat tyas pasthika maya || |
| 010.045 | sakathahe buron alas sami | pan makana ta samya lumalya | amirsa maring rahadèn | ing wanatara rawuh | yèn jalmaa padha sira ngling | padha satya ing alas | ngatingal ing ulun | amba angraksa rahadyan | padha rawuh yèn wonga amagêrsari | ngubêngi Radèn Patah || |
| 010.046 | liman alas sèkêt kathahnèki | mapan kayya narka rêbat karya | apanjang-panjang gadhinge | dening prasamya lancut | apan sêdhêng pinangsah mangkin | ya ta wau tumingal [[f. 56v]: tu...mingal] | yèn jalmaa muwus | dening tan age lumayya | ewuh aya mênawa kêna ing gadhing | sami liman lumayya || |
| 010.047 | prapta liman mêndhêk angadhangi | yèn jalmaa matur mring rahadyan | nulya tumanduk karsane | nuganga[12] gigir isun | lawan singa gajah ngadhangi | lah gusti angancika | marang gigir isun | samya mojar yèn jalmaa | lah suwawi kawula madhêp ing gusti | ing karsane rahadyan || |
| 010.048 | Radèn Patah umadhêp ing atih[13] | aningali wana kyèh kang syara | miwah wraksanira kabèh | siptanira atrêbu | apan dadya subrăngta ngati | nanging kayu kawuryan | alurus dinulu | tinampanan paman panah | patranira ya endah upama taji | amanah jajaniwang || |
| 010.049 | Radyan Patah tihikaning Widi | yèn alawas ing saksananira | sampurnane sarirane | subrangtanirèng langut | nulya matur maring Yyang Widi | lah bathara kang mulya | tingalana tèngsun | baya lali duwe wadya | ing jangjine jênênge kawula gusti | tan kenging pisahêna || |
63–64 dari 856
| 1 | asya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.40.2). Bandingkan: ahyas (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.84.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.84.2). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata Bandingkan: panging adoh soka lwir nginggil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.84.5). (kembali) |
| 3 | mangsah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 4 | manungsuh. (kembali) |
| 5 | Bandingkan: campaka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.41.6); cêpaka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.85.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.6). (kembali) |
| 6 | andong (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.85.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.8). (kembali) |
| 7 | paminya. Bandingkan: pathika (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.86.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.86.2). (kembali) |
| 8 | intên (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.42.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.86.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.86.6). (kembali) |
| 9 | Bandingkan: purwa ri gêng kayu kapur iki | kulitira tumitis gêtihnya | maputih ika warnane | ring suryakanta dhawuh | gêtihira arata êning | pan dadianing dupa | upama kumukus | marbuk minging gănda kongas | yèn janmaa kadya manungsunga ing sih | gănda manub ing radyan || (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.87.1–10). (kembali) |
| 10 | Bandingkan: dinina-dina dardumèh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.44.3). (kembali) |
| 11 | pamangsulnya. Bandingkan: pamangsule (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.88.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.88.4). (kembali) |
| 12 | nungganga (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.47.4). (kembali) |
| 13 | ati (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.92.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.92.1). (kembali) |