Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
10 dari 170
65–66 dari 856
644–653 dari 8.560
| 010.055 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa Radèn Usèn [[f. 57v]: Usè...n] ika | prapta ing wanatarane | kandhêg ing lampahipun | Radèn Usèn nulya ningali | mangulon ngalor ngetan | kang kidul kadulu | tan ana jalma katingal | Radèn Usèn amènèk kajêng waringin | ya igil tanpa padhang[1] || |
| 010.056 | Radèn Usèn tumulya ningali | ngetan bênêr sayogya na ika |[2] amulat marang kadange | pigir[3] talaga luguh | Radèn Usèn angling ing ati | nyata ika si kakang | ing paningal isun | yèn isun amaranana | mring si kakang mênawa isun dèn dalih | ingutus dening rama || |
| 010.057 | yakti kagyat si kakang puniki | manahira anarka maringwang | kinon rama sèngi mulèh | yakti dutaning ulun | Radèn Usèn mudhun mring siti | nulya sira lumampah | pinaliwat sampun | kira-kira sapandurat | têbahira Radèn Patah aningali | yèn ikang rayi liwat || |
| 010.058 | pan kawiking Radèn Patah sigih | Radèn Usèn yayi marenea | pan isun ana ing kene | Rahadèn Usèn wangsul | amiyarsa kakange angling | ing ngarsane wus prapta | rayinira cundhuk | manêmbah ing kakangira | Radèn Patah nulya sira dèn sukêmi[4] | manangis arinira || |
| 010.059 | Radèn Patah sigra dènnya angling | adhi Usèn mring di karsanira | Dyan Usèn saur sêmbahe | kakang dinukan isun | dening rama dika sang aji | sun lêng lêngganèng karsa |[5] punika [[f. 58r]] sang prabu | kinarya patih tan miyan[6] | isun iki tinundhung dening rama ji | kesah têka Polembang || |
| 010.060 | mangkin iki tumamèng wanadri | tarkaniwang ulun yèn têkaa | anarka mring Jawa age | ngawula Majalangu | Brawijaya digbya ing Jawi | wrata warat sabrang |[7] prandata[8] kang musuh | ambêk sandu[9] palamarta | sarya băngga suta wisesa pan adil | Jawa tanpa sisingan || |
| 010.061 | Radèn Patah sigra dènnya angling | adhi Usèn mêngkono karsanya | isun milu sira radèn | karsanira sun êtut | ayya pisah adhi lan mami | pêjah gêsang barênga | sira lawan isun | anulya sarêng lumampah | sampun lêpas wau lampahnya lumaris | sira Rahadyan Usan || |
| 010.062 | Radèn Patah ciptanirèng ati | pan kaparêng lan karsaning Sukma | dhatêng ikang barat gêdhe | mêsês anginnya kumyus | ngaub wraksa bayu bajroni | sêmpal pan kaparapal | runtag kapalupuh | sakèhe wraksa manara | tan antara pun Supala pun Supali | katut dening miruta[10] || |
| 010.063 | mring gêgana Supala Supali | pan wus madya ya ing Majagatang |[11] saalap-alap gêdhene | lamun sira dinulu | nulya sira salab ngulati | tan antara Supala | Supali gya mudhun | tumiba ing wismanira | sarasane lir ana kasur gêguling | agrah pan kinêpêtan || |
| 010.064 | Radèn Usèn [[f. 58v]: Usè...n] sigra dènnya angling | kakang Patah yèn prayoga sira | payo lunga têka kene | ing pasisir jinujug | ngadhang-adhang juragan sami | mênawi watên liwat | nêdha sami nurut | Radèn Patah kaprayoga | ing ature Radèn Usèn ikang rayi | sigra nulya lumampah || |
65–66 dari 856
| 1 | padha (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.100.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.100.10). (kembali) |
| 2 | Bandingkan: ngetan bênêr saojana ika (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.101.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.101.2). (kembali) |
| 3 | pinggir (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.64, Pupuh 10.56.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.101.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.101.4). (kembali) |
| 4 | sungkêmi (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.65, Pupuh 10.58.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.103.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.103.9). (kembali) |
| 5 | Bandingkan: dene ulun lênggana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.104.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.104.6). (kembali) |
| 6 | miyang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.104.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.104.8). (kembali) |
| 7 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wrata warata sabrang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.65, Pupuh 10.60.6); pratama ing rat sabrang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.105.6). (kembali) |
| 8 | pranata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.105.7). (kembali) |
| 9 | sadu (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.105.8). (kembali) |
| 10 | maruta (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.116.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.116.10). (kembali) |
| 11 | Bandingkan: uwus têka anèng mêdya gantang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.117.2); uwus têka anèng madya gantang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.117.2). (kembali) |