Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10 dari 170
64–65 dari 856
639–648 dari 8.560
010.050 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Sang Raja Palembang | Sang Arya Damar namane | tata ing siyang wau | punang cèthi anjrit kapati | kang tugu pasarean | Radèn Patah suwung | murca saking pagulingan | Radèn Usèn miyarsa anjrit lir èstri | tarkanira [[f. 57r]] wus wikan ||
010.051 Radèn Usèn lumalyya kapati | andhingini kèhing wong Palembang | dènnya ngulati kakange | nulya manjing wana gung | Arya Damar kagyat ningali | mirsa wong palareyan | tangise gumuruh | sarêng opyak wong jro pura | samya matur dhatêng Arya Damar aglis | putra paduka sirna ||
010.052 Arya Damar lawan pramèsyari | nulya gupuh ngulari kang putra | dèn gêmêti kadhatone | nyata yèn sirna iku | angulati polahing rèki | dening mangke wus sirna | saking dalêmipun | miwah sajawining kutha | datan watên sampun ingularan ênting | lêpas lampahe radyan ||
010.053 Arya Damar mijil saking puri | saha bala miwah garwanira | anitih èsthi kalihe | nulya sira tumanduk | jawi kitha pan têpis wiring | padêdesan wus têlas | putra tan kapangguh | malah têka ing sandina[1] | angulati putra karo tan kapanggih | jumênêng Arya Damar ||
010.054 Arya Damar maring ikang rayi | hèh sang putri ing Cina riniwang | tanayanira rahadèn | karo datan kapangguh | datan owah jangjining Widi | tan kêni rekadaya | pan wus jangjinipun | pinisah yayah lan putra | pirangbara yèn sira sinung kapanggih | ing benjang dina Soma ||
010.055 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Radèn Usèn [[f. 57v]: Usè...n] ika | prapta ing wanatarane | kandhêg ing lampahipun | Radèn Usèn nulya ningali | mangulon ngalor ngetan | kang kidul kadulu | tan ana jalma katingal | Radèn Usèn amènèk kajêng waringin | ya igil tanpa padhang[2] ||
010.056 Radèn Usèn tumulya ningali | ngetan bênêr sayogya na ika |[3] amulat marang kadange | pigir[4] talaga luguh | Radèn Usèn angling ing ati | nyata ika si kakang | ing paningal isun | yèn isun amaranana | mring si kakang mênawa isun dèn dalih | ingutus dening rama ||
010.057 yakti kagyat si kakang puniki | manahira anarka maringwang | kinon rama sèngi mulèh | yakti dutaning ulun | Radèn Usèn mudhun mring siti | nulya sira lumampah | pinaliwat sampun | kira-kira sapandurat | têbahira Radèn Patah aningali | yèn ikang rayi liwat ||
010.058 pan kawiking Radèn Patah sigih | Radèn Usèn yayi marenea | pan isun ana ing kene | Rahadèn Usèn wangsul | amiyarsa kakange angling | ing ngarsane wus prapta | rayinira cundhuk | manêmbah ing kakangira | Radèn Patah nulya sira dèn sukêmi[5] | manangis arinira ||
010.059 Radèn Patah sigra dènnya angling | adhi Usèn mring di karsanira | Dyan Usèn saur sêmbahe | kakang dinukan isun | dening rama dika sang aji | sun lêng lêngganèng karsa |[6] punika [[f. 58r]] sang prabu | kinarya patih tan miyan[7] | isun iki tinundhung dening rama ji | kesah têka Polembang ||
64–65 dari 856

 


1 sadina (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.97.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.97.8). (kembali)
2 padha (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.100.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.100.10). (kembali)
3 Bandingkan: ngetan bênêr saojana ika (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.101.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.101.2). (kembali)
4 pinggir (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.64, Pupuh 10.56.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.101.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.101.4). (kembali)
5 sungkêmi (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.65, Pupuh 10.58.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.103.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.103.9). (kembali)
6 Bandingkan: dene ulun lênggana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.104.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.104.6). (kembali)
7 miyang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.104.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.104.8). (kembali)