Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
10 dari 170
66 dari 856
651–660 dari 8.560
| 010.062 | Radèn Patah ciptanirèng ati | pan kaparêng lan karsaning Sukma | dhatêng ikang barat gêdhe | mêsês anginnya kumyus | ngaub wraksa bayu bajroni | sêmpal pan kaparapal | runtag kapalupuh | sakèhe wraksa manara | tan antara pun Supala pun Supali | katut dening miruta[1] || |
| 010.063 | mring gêgana Supala Supali | pan wus madya ya ing Majagatang |[2] saalap-alap gêdhene | lamun sira dinulu | nulya sira salab ngulati | tan antara Supala | Supali gya mudhun | tumiba ing wismanira | sarasane lir ana kasur gêguling | agrah pan kinêpêtan || |
| 010.064 | Radèn Usèn [[f. 58v]: Usè...n] sigra dènnya angling | kakang Patah yèn prayoga sira | payo lunga têka kene | ing pasisir jinujug | ngadhang-adhang juragan sami | mênawi watên liwat | nêdha sami nurut | Radèn Patah kaprayoga | ing ature Radèn Usèn ikang rayi | sigra nulya lumampah || |
| 010.065 | radèn kalih sangang dina margi | wanatara tan boga tan nendra | angungak gunung ujunge | pasisir pan kadulu | gunung luhur manglung jaladri | ujung pan kahugahan[3] | dening robing ranu | apan asri katingalan | pêpantêse dadya ugyaning[4] abrangti | radèn kalih kacaryan || |
| 010.066 | ki juragan nulya aningali | ing pigire Gunung Rasamulya | ana wong tapa kalihe | ki juragan amuwus | yèn kênaa lumampah aglis | palyanira alayar | yun marak sang wiku | kang atapa Rasamulya | sun ngabêkti ngaturakên pati urip | nulya obah kang palya || |
| 010.067 | ikang palya lumampah lir angin | sigra dhatêng Ardi Rasamulya | nulya cinancang pigire | juragan nuli mudhun | dyan sumêngka sira ing ardi | mênggêr panarka mayat | sêdyakêna iku | saciptanira mring radyan | nulya tinon Radèn Patah mring kang rayi | manusup wanatara || |
| 010.068 | nulya dhatêng bayu badra angin | umyang mêsês anêmpuh ing wraksa | mênawa sêmpal êpange | pokah kayunya êpuh | kaparapal kabèh [[f. 59r]] rug sami | cinaning jalma prapta | ampuhan angêsut | sigra ki juragan mangsah | wangwang cundhuk kalawan rahadèn kalih | ki jaragan[5] lon mojar || |
| 010.069 | hèh sang sadu dibya sira kalih | dening wênah marake ha[6] sira | agya ingkang durgamane | Rasyamuka i gunung | parayangan kalawan êjim | yèn ika marakea[7] | dahatira takut | punika asug[8] prayoga | dening kita manup kaya wong kêkalih | ing gira[9] Rasamuka || |
| 010.070 | lirni baya[10] agung mêmêdèni | kang redaka anèng Rasamuka | muni ika ing guwane | sang wraksanya mrik agung | lan liyanya pisaha iki | myangnya sêdhêngnya galak | angugahi gunung | lintang kagulung ingambah | dening macan kagulung ana ing têrbis | marêngut ikang macan || |
| 010.071 | Rasamuka agêng ikang galih | gilah-gilah pan kalungka-lungka | mwangkya maloki paluke | molêk akolêk iku | pan kaèlêm maring ning kalih[11] | nulya sira umêntas | kêtêb ikang adus | kalih[12] mênêng nadyan bêna | dening ana gajah lanang tita iki | mandusi ing walahar || |
66 dari 856
| 1 | maruta (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.116.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.116.10). (kembali) |
| 2 | Bandingkan: uwus têka anèng mêdya gantang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.117.2); uwus têka anèng madya gantang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.117.2). (kembali) |
| 3 | kaunggahan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.65, Pupuh 10.65.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.119.6). (kembali) |
| 4 | unggyaning (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.119.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.119.9). (kembali) |
| 5 | juragan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.124.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.124.10). (kembali) |
| 6 | ta (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.125.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.125.2). (kembali) |
| 7 | marikia (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.125.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.125.6). (kembali) |
| 8 | anung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.125.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.125.8). (kembali) |
| 9 | giri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.66, Pupuh 10.69.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.125.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.125.10). (kembali) |
| 10 | lirning baya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.126.1). Bandingkan: lir nirbaya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.66, Pupuh 10.70.1). (kembali) |
| 11 | kali (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.66, Pupuh 10.71.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.127.5). (kembali) |
| 12 | kali (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.66, Pupuh 10.71.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.127.8). (kembali) |