Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
10–11 dari 170
67–68 dari 856
665–674 dari 8.560
010.076 dyan lumampah palyanira aris | yèn jalmaa ciptane kang palya | angajak marêk rahadèn | ki juragan amuwus | baya iki karsaning Widi | lah sakèhing badhega | nêdha sami biluk | dinunung ing Rasamuka | tarkaning Yyang mayo marêk ing sang yêkti | kang tapa Rasyamuka ||
010.077 ikang palya lumampah lir angin | sigra dhatêng Giri Rasyamuka | nulya cinancang pigire | juragan nulya mudhun | dyan sumêngka sira ing ardi | mênga agêpok[1] ika | pan narka myat iku | sêdyakêna iku iya | nulya tinon Radèn Patah mring kang rayi | manusup wanatara [[f. 60r]] ||
010.078 pan lumintu gènira lumaris | Radèn Patah Radèn Usèn ika | tan etang prigabayane[2] | tansah kalihan wau | ikang rayi anèng ing wuri | siyang lastri lumampah | tan kawarnèng ênu | mèh dukap ikang sinêdya | Radèn Patah kalawan Dyan Usèn nênggih | samya ngusap srinata ||
11. Sinom
[Radèn Patah manjing dados Islam, adhedhekah wonten Bintara. Radèn Usèn suwita dhateng Brawijaya Majapait.[3]]
011.001 wus prapta ing Surapriga[4] | mudhun ing muara sigih | ya ta wau katingalan | masjid Ngampèldênta igil | wau ikang kaèksi | saking ing muara mugul[5] | Radèn Patah ngandika | adhi apa katon ugi | apa umah yayi ika dudu umah ||
011.002 apa ta sanggar lagatan[6] | anulya malêbêt aglis | wau ta Rahadèn Patah | lan Radèn Usèn kang rayi | ya ta sampun kapanggih | Susunan Ngampèldêntèku | anèng masjid pinarak | ecaning wiraos sigih | Radèn Patah lan Radèn Usèn sêmana ||
011.003 angaji wus manjing Islam | antuk ikang barkat sigih | jêng sunan ing Ngampèldênta | laminira tan winarni | Radèn Patah anênggih | lan Radèn Usèn puniku | kandhêg ing Ngampèldênta | ya ta Radèn Usèn nuli | apan matur wau dhatêng ikang raka ||
011.004 kakang kadospundi karsa | ing jangandika[7] puniki | dening ta sampun alama | kandhêg Ngampèldênta sigih | punapa batên ugi | nutugakên ikang laku | kakang karsa andika | karsa dhatêng Majapait | angawula Sang Aprabu [[f. 60v]] Brawijaya ||
011.005 Radèn Patah angandika | lah bênêr ujarmu yayi | nanging ewuh atiniwang | dening ta isun puniki | wus manjing Islam mami | arêp nutugakên isun | angaji gama Ingslam[8] | isun uwis Islam yayi | dadi eman ngawula ing kapir iwang ||
011.006 Radèn Usèn matur sira | dhatêng kang raka amanis | kadipundi ta ing karsa | ing jangandika puniki | dadya kandhêg ing ngriki | yèn mêkatêna puniku | nadyan rama jêng dika | ing Ngampèldênta puniki | idhêp maring ing Majapait punika ||
011.007 mapan Islame punika | malah tinêtêpkên nênggih | dènira Sang Brawijaya | sang prabu ing Majapait | sakèh pandhita sami | kakang Islame puniku | watên ing tanah Jawa | Radèn Patah ngandika ris | adhi bênêr ujarira iku iya ||
67–68 dari 856

 


anggêpok (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.67, Pupuh 10.77.6). (kembali)
pringgabayane (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.67, Pupuh 10.78.3). (kembali)
Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.68. (kembali)
Surapringga (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.68, Pupuh 11.1.1). (kembali)
munggul (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.68, Pupuh 11.1.6). (kembali)
langgatan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.68, Pupuh 11.2.1). (kembali)
jêngandika (dan di tempat lain). (kembali)
Islam (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.68, Pupuh 11.5.7). (kembali)