Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
100 dari 170
458–459 dari 856
4.578–4.587 dari 8.560
100.009 Tumênggung Gajah Pramoda | wus angiwa sarowangnya ingirid | ing Karapyak jujugipun | anjog ngetan kewala | Măndhalika angirid sarowangipun | anurut gunung mangetan | ing Mutihan kang dèn jogi ||
100.010 dene ikang dadi dhadha | Pangran Arya Panular ikang nindhihi |[1] wadya Bagêlèn pinangku | Ki Arya Tambakbaya | lawan Arya Surajaya mugèng ngayun | dadya sêsabêting rana | samya prawira ing jurit ||
100.011 arame têmpuhing yuda | wong Kalagan pangamuke angukih | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | kumarayok wong Bagêlèn tangkêpipun | arame ulêng-ulêngan | wadya Kalagan kèh mati ||
100.012 ikang Sinuhun Ngalaga | amiranti mugèng wurining baris | wong Mataram sarêng ngamuk | pêngkuh wong Kartasura | sinusupan kukusing sundawanipun | dening wadya ing Kalagan | kang tinêmpuh kathah mati ||
100.013 mawut wadya Kartasura | bingung prange akèh [[f. 403r]] pisah lan gusti | samya angumpul ing pukur | Măndhalika gya mara | saking kidul Jangrana mapag ing ngayun | kalawan Arya Sindurja | arame bêdhil-binêdhil ||
100.014 arame têmpuhing yuda | Arya Măndhalika wus ambêk pati | angamuk sabalanipun | dadya rame gêmporan | Ki Tumêngguh[2] Gajah Pramoda anêmpuh | saking kiwa saha wadya | Ki Urawan kang nadhahi ||
100.015 sira Adipati Dêmak | kang tinuding dening sri narapati | têtulung Urawan gupuh | Tumênggung Suranata | wus angiwa angirid sawadyanipun | Tumênggung Gajah Pramoda | Suranata dèn tadhahi ||
100.016 arame sêrang-sinêrang | Ki Tumênggung Gajah Pramoda angukih |[3] sarowangira angamuk | lir dênawa amăngsa | wong ing Dêmak nadhahi pangamukipun | tan ana mundur ing rana | wong ing Dêmak akèh mati ||
100.017 ing wuri saya kyèh prapta | kang ngêbyuki prange wadya Matawis | pasisir sadaya rawuh | wong Kudus lan Juwana | Langsêm Pathi Jêpara Rêmbang Sidayu | prangira Gajah Pramoda | ingurugan ing pêpati ||
100.018 Tumênggung Gajah Pramada | karepotan wadyanira kyèh mati | karoban ing musuh agung | sayah pangamukira | Ki Tumênggung binendrong ing ngarsa pukur | parêng lan jangjining ajal | Ki Tumênggung nandhang kanin ||
458–459 dari 856

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: Pangran Arya Panular kang nindhihi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.10.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 123.11.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.17.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.11.2). (kembali)
Tumênggung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.58, Pupuh 100.14.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.14.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 123.15.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.21.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.15.5). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Tumênggung Gajahpramada ngukih (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.16.2). (kembali)