Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
100 dari 170
459–460 dari 856
4.586–4.595 dari 8.560
100.017 ing wuri saya kyèh prapta | kang ngêbyuki prange wadya Matawis | pasisir sadaya rawuh | wong Kudus lan Juwana | Langsêm Pathi Jêpara Rêmbang Sidayu | prangira Gajah Pramoda | ingurugan ing pêpati ||
100.018 Tumênggung Gajah Pramada | karepotan wadyanira kyèh mati | karoban ing musuh agung | sayah pangamukira | Ki Tumênggung binendrong ing ngarsa pukur | parêng lan jangjining ajal | Ki Tumênggung nandhang kanin ||
100.019 katiban mimis sêsawat | wêntisira kawatgata kang kering | wêkasan tiba aluguh | sira Gajah Pramoda | nênggih wontên [[f. 403v]: wontê...n] sêntanane ki tumênggung | awasta Răngga Wijaya | ikang paman dèn tangisi ||
100.020 awêtara kalih dasa | kang sêntana sadaya tan ana têbih |[1] Răngga Wijaya umatur | paman dika nitiha | kuda nuli kawula bêkta lumayu | ki tumênggung datan arsa | sun sêdya mati ing jurit ||
100.021 uculana bênting iwang | gya winuwur bêntingira cindhe wilis |[2] binêbêdakên ing tatu | alon pamuwusira | Răngga Jaya padha lumayua kulup | aturêna sêmbah iwang | ing gusti sri narapati ||
100.022 osiking manah karuna | sapa ikang yoga mamong jêng gusti | sun têdha-têdha Yyang Agung | gustiku Ingalaga | mugi-mugi ing benjang anaa tulung | lananga yuda tulusa | sinêmbah ing wong sa-Jawi ||
100.023 kawula gusti mit pêjah | dadya bantên nagri dalêm Matawis | lan kawula sampun pênuh | kêkucah ikang syarga | têkèng mangke kawula dèrèng anaur | asangêt tiwas kawula | amongmong ing paduka ji ||
100.024 sêntana samya karuna | ki tumênggung asru dèn gêgendholi | sadaya ngaturi mundur | wadya tumpês sadaya | Ki Tumênggung Gajah Pramoda amuwus | lah age padha muliha | isun wus karsaning Widi ||
100.025 musuh prapta kering kanan | binêdhilan ki tumênggung tan gisir | sampunnya angambên tatu | sigra nitih turăngga | ngêmbat watang kinêtab turangganipun | Tumênggung Gajah Pramoda | sêdya ngamuk ambêk pati ||
100.026 lir pendah dirada mêta | pangamuke ki tumênggung wus lali | singa katarajang [[f. 404r]: kata...rajang] mawut | kang nadhahi palastra | pinetaran sênjata lir prawata rug | kinarutug ing sêrampang | sinawuran tawok lêmbing ||
459–460 dari 856

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: sêntanane tan adoh angubêngi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.19.2); sêntanane kang datan kêna têbih (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.29.2); santanane kang datan kêna têbih (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.21.2). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: gya winuwur bêntinge cindhe wilis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.20.2); ki tumênggung cindhe puspita wilis (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 123.22.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.22.2). (kembali)