Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
101–102 dari 170
465–466 dari 856
4.644–4.653 dari 8.560
| 101.045 | angandika Sri Naradipa Mêngkurat | padha piyaka aglis | amral tata sira | ngiwa mring wuriningwang | yèn arimas sêlak prapti | sigra Urawan | matur angasih-asih || |
| 101.046 | Susuhunan paduka cucul rasukan | rayi dalêm mênawi | pandung ing panduka | andhatêngakên sura | wau kawula udani | rayi panduka | Ki Palèrèd pinundhi || |
| 101.047 | rinucatan busana cara Wêlănda | karêpos myang kulambi | wus samya rinucat | Sang Sri Nata Ngalaga | saksana wau kang rayi | Natèng Ngalaga | angamuk marêpêki || |
| 101.048 | kagyat mulat ing sasong jênar pinasang | aglis mêkak turanggi | sarwi ngulap-ulap | waskitha yèn kang raka | manêmbah luhur turanggi | kêpuh kinusya | tangi ngingêr [[f. 407v]: ngi...ngêr] turanggi || |
| 101.049 | cinamêthi kudanya nandêr anoklang | sawargan wadya aglis | dhadhal barisira | jêkar nata sagraha | saking kadhaton Matawis | myang para putra | kadya bubaring paksi || |
| 102. Dhandhanggula | |
| [Sunan Ngalaga lolos, lajeng masanggrahan ing Bagelèn. Wadya Kalagan kabiyantu wadya Bagelèn badhé mengsah jurit lawan wadya Kartasura.[1]] | |
| 102.001 | lalos mangilèn nabrang Paragi | rangu-rangu Prabu Ingalaga | tansah kacipta driyane | kang raka warnanipun | tansah anèng tingal samargi | osiking tyas mêngkana | sang kapranan dulu | kayaparan polah iwang | lamun isun sebaa mring kangmas aji | isin ing wadyaniwang || |
| 102.002 | yèn ta tulusa gènisun isin | ayudaa lawan kakang êmas | yakti kari kyèh balane | kèmêngan tyas sang prabu | anging datan kandhêg lumaris | tan winarna ing marga | ing Bagêlèn rawuh | masanggrahan parêmbagan | lan kang paman Pangran Mamênang myang rayi | Pangran Arya Panular || |
| 102.003 | lawan bala sakarine mati | kang prawira maksih atut wutat | ing gustine saparane | angandika sang prabu | hèh ta paran polah ngong iki | sira Pangran Mamênang | alon aturipun | anak prabu yèn sêmbada | ing Salinga wontên wong umadêg baris | prawira tur prakosa || |
| 102.004 | yèn suwawi andika panggihi | amundhuta karyane sapisan | lan ingêbang sapatute | yèn angêntasi kewuh | amêthuki sri narapati | sagung para pugawa | sadhiya turipun | Pangran Pamênang turira | ingayonan raka panduka nrêpati | igih sapisan êkas[2] || |
| 102.005 | budhal saking Bagêlèn nrêpati | sri ing marga gêgamaning wadya | maring Salinga [[f. 408r]: Sali...nga] parane | sagraha têneyaku[3] | nahan ikang lagya lumaris | gantya kang kawarnaa | sira Raja Namrud | ikang madhirèng[4] Salinga | wong têngahan sadaya sami sumiwi | Namrud rinaja-raja || |
465–466 dari 856
| 1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.64. (kembali) |
| 2 | êngkas (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.64, Pupuh 102.4.10; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.4.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 108.3.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 125.4.10; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.1.10; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.4.10). (kembali) |
| 3 | tênayaku. (kembali) |
| 4 | mandhirèng (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.64, Pupuh 102.5.8; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.5.8). (kembali) |