Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
101–102 dari 170
465–466 dari 856
4.648–4.657 dari 8.560
101.049 cinamêthi kudanya nandêr anoklang | sawargan wadya aglis | dhadhal barisira | jêkar nata sagraha | saking kadhaton Matawis | myang para putra | kadya bubaring paksi ||
102. Dhandhanggula
[Sunan Ngalaga lolos, lajeng masanggrahan ing Bagelèn. Wadya Kalagan kabiyantu wadya Bagelèn badhé mengsah jurit lawan wadya Kartasura.[1]]
102.001 lalos mangilèn nabrang Paragi | rangu-rangu Prabu Ingalaga | tansah kacipta driyane | kang raka warnanipun | tansah anèng tingal samargi | osiking tyas mêngkana | sang kapranan dulu | kayaparan polah iwang | lamun isun sebaa mring kangmas aji | isin ing wadyaniwang ||
102.002 yèn ta tulusa gènisun isin | ayudaa lawan kakang êmas | yakti kari kyèh balane | kèmêngan tyas sang prabu | anging datan kandhêg lumaris | tan winarna ing marga | ing Bagêlèn rawuh | masanggrahan parêmbagan | lan kang paman Pangran Mamênang myang rayi | Pangran Arya Panular ||
102.003 lawan bala sakarine mati | kang prawira maksih atut wutat | ing gustine saparane | angandika sang prabu | hèh ta paran polah ngong iki | sira Pangran Mamênang | alon aturipun | anak prabu yèn sêmbada | ing Salinga wontên wong umadêg baris | prawira tur prakosa ||
102.004 yèn suwawi andika panggihi | amundhuta karyane sapisan | lan ingêbang sapatute | yèn angêntasi kewuh | amêthuki sri narapati | sagung para pugawa | sadhiya turipun | Pangran Pamênang turira | ingayonan raka panduka nrêpati | igih sapisan êkas[2] ||
102.005 budhal saking Bagêlèn nrêpati | sri ing marga gêgamaning wadya | maring Salinga [[f. 408r]: Sali...nga] parane | sagraha têneyaku[3] | nahan ikang lagya lumaris | gantya kang kawarnaa | sira Raja Namrud | ikang madhirèng[4] Salinga | wong têngahan sadaya sami sumiwi | Namrud rinaja-raja ||
102.006 Raja Namrud wus amirsa warti | lamun nata kasoran ing yuda | badhe ngusi ing dhèwèke | pinêpak barisipun | kang têngêran bul-umbul waring | wus adadi barisnya | gêgamane Namrud | rongèwu yèn winatara | arsa mêthuk ing Sang Sri Ngalaga nuli | budhal sawadyakosya ||
102.007 nahan Prabu Ingalaga prapti | ing Salinga Ki Namrud amapag | asigra-sigra lampahe | uluk salam acundhuk | Raja Namrud angrangkul aglis | dhuh sutane pun bapa | bageya wong agung | wong abagus ajalarat | mung cacade sadhidhik kalah ajurit | têka anyuda praya ||
102.008 angusia mring pun bapa gusti | egal wayah wus mênang ayuda | mung kari makruk-mangkruke[5] | bari adolan cêpuk | yèn pun bapa tulunga jurit | musuh lawan Wêlănda | găndra pira iku | wong amănca endah pira | sang sri nulya ngaturan manjing ing puri | tata sami alênggah ||
102.009 nahan ikang kawuwusa malih | Prabu Mêngkurat kang mênang aprang | kêkuwu anèng Palèrèd | lakung pangungunipun | cuwèng ing tyas onêng kang rayi | sampun matah pugawa | ngusir kang lumayu | wadya wus samya sanega | winawêling pugawa tri wus adugi | ing karsanya [[f. 408v]] narendra ||
465–466 dari 856

 


1 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.64. (kembali)
2 êngkas (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.64, Pupuh 102.4.10; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.4.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 108.3.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 125.4.10; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.1.10; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.4.10). (kembali)
3 tênayaku. (kembali)
4 mandhirèng (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.64, Pupuh 102.5.8; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.5.8). (kembali)
5 mangkruk-mangkruke (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.64, Pupuh 102.8.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.8.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.8.3). (kembali)