Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
101 dari 170
461–462 dari 856
4.610–4.619 dari 8.560
| 101.011 | ênêngêna kang baris anèng Tangkisan | kawarnaa Sang Aji | Ngalaga sêmana | makuwon Parambanan | ginubêl ing para mantri | samya ngaturan | nata kondur mring puri || |
| 101.012 | sira Arya Măndhalika atur sêmbah | dhuh gusti panduka ji | suwawi kondura | benjing ngantêpa yuda | ing alun-alun ajurit | Sang Sri Ngalaga | nuruti ikang abdi || |
| 101.013 | nulya budhal sang nata sawadyanira | kang tinilar abaris | anèng Parambanan | Răngga Wiradipura | kêkalih kancane mantri | lan Pulangjiwa | dadi kawaling jurit || |
| 101.014 | sapraptane Palèrèd Prabu Ngalaga | ngalun-alun abaris | têtindhihing yuda | sirarya Măndhalika | Pangran Panular jênêngi | lawan kang paman | Pangran Pamênang sigih || |
| 101.015 | dene ikang pêputra Pangran Pamênang | Pangran Silarong syargi | myang para pugawa | Rahadèn Natabrata | nêngêna kang nata baris | gantya kawarna | Sang Prabu Kartawani || |
| 101.016 | enjing bubar saking Tangkisan sawadya | sumahab anèng margi | pangajênging lampah | Jangrana Surabaya | Tumênggung Suranatèki | Sujanapura | ngirid sawong pasisir || |
| 101.017 | ikang baris Parambanan katarajang | nglarug dhatêng Matawis | tan wani anglawan | lajêng wong Kartasura | wus prapta ing Kali Ajir | Prabu Mêngkurat | tansah lawan Kumpêni || |
| 101.018 | Pajarakan sadalu amasanggrahan [[f. 405v]: amasanggrah...an] | enjang budhal sang aji | tinata lampahnya | dening wus parêk kitha | pangajêngira wus prapti | kikis nagara | surak gumuruh atri || |
| 101.019 | wong Kalagan malatar sajroning kitha | nanging tan amêdali | ngalun-alun aglar | gènnyarsa ngantêp yuda | sagunging wadya pasisir | malêbèng praja | ing Karanon abaris || |
| 101.020 | samya kèndêl angantosi kang timbalan | wus angaturi uning | ing Nata Mêngkurat | yèn kang rayi Ngalaga | tan amêtoni ing jurit | mêmpên ing kitha | ngalun-alun miranti || |
461–462 dari 856