Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
101 dari 170
462–463 dari 856
4.620–4.629 dari 8.560
101.021 Radèn Anrangkusuma anata bala | pangawat kanan kering | myang kang mugèng ngarsa | sampun sami sadhiya | sagung kang para dipati | nêmbang têngara | tambur salumprèt anjrit ||
101.022 kadya gêrah surake wadya sauran | nahan ikang winarni | wong Kalagan lagya | nata sikêping yuda | sagung têngêraning jurit | tugul gandera | lêlayu prangmêdani ||
101.023 kang anyêkêl sadaya wus sinalinan | mila kang surèng pati | kang wus tuwuk dana | kinèn nyêpêng gandera | tuwin têngêraning pati | gulakalapa | para mantri nyêkêli ||
101.024 wusnya tata sigra anêmbang têngara | sênjata guntur api | wus samya ngisenan | muwah Kyai Srubrastha | Kumbarawa Kumbarawi | samya pinasang | para mantri nugoni ||
101.025 ki pangulu akumpul ing Pagêlaran | myang ikang kêtib modin | sêdya ngantêp ing prang | matia sabilolah | wus samya sanega jurit | Prabu Ngalaga | têngara kêndhang [[f. 406r]] bèri ||
101.026 Sitibêntar mugang[1] tinêmbang munya angakang |[2] egar wadya Matawis | wadya Kartasura | samya mapan ing rana | ing kanan kalawan kering | myang ikang dhadha | sami angrampid puri ||
101.027 wong Kalagan ikang abaris nèng pasar | kuwat tadhah ing jurit | Arya Măndhalika | têtindhihing ayuda | tandangnya lir banthèng kanin | têguh prawira | tuhu prajurit luwih ||
101.028 wadya Kartasura saya agung prapta | muwah wadya pasisir | myang măncanêgara | sigrarya Tambakbaya | myang Arya Surajayèki | sarêng umangsah | sakancanira mantri ||
101.029 syarani[3] kang sênjata lir gunung rêbah | sagung wadya Matawis | sampun winangsitan | piyak ngiwa anganan | sigra Kyai Gunturgêni | myang Kumbarawa | pamêcut Kumbarawi ||
101.030 sinulêdan munya lir gêlap syaranya | orêg ikang pratiwi | brastha kang katrajang | wadya ing Kartasura | atusan ikang ngêmasi | Prabu Mêngkurat | duka yayah sinipi ||
462–463 dari 856

 


1 munggang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.62, Pupuh 101.26.1). (kembali)
2 Lebih dua suku kata. Bandingkan: Kodhokngorèk tinêmbang munya angangkang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 124.28.1); Kodhokngorèk monggang tinêmbang angangkang (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 34.28.1). (kembali)
3 syaraning. Bandingkan: swaraning (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 4.29.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 34.31.1). (kembali)