Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
101 dari 170
463–464 dari 856
4.628–4.637 dari 8.560
101.029 syarani[1] kang sênjata lir gunung rêbah | sagung wadya Matawis | sampun winangsitan | piyak ngiwa anganan | sigra Kyai Gunturgêni | myang Kumbarawa | pamêcut Kumbarawi ||
101.030 sinulêdan munya lir gêlap syaranya | orêg ikang pratiwi | brastha kang katrajang | wadya ing Kartasura | atusan ikang ngêmasi | Prabu Mêngkurat | duka yayah sinipi ||
101.031 gya ingatag Kumpêni kinèn umangsah | amral sigra ngabani | mring prajuritira | tambur barung sinapan | gumrudug lir ruging wukir | pangêdrèlira | tan agop wong Kumpêni ||
101.032 duk sinipat mariyêm wong Kartasura | kadya babadan pacing | malêdug kang gêsang | datan măngga puliha | tanapi bala Kumpêni | akathah pêjah | muwah wadya pasisir ||
101.033 lakung runtik sri naradipa ing driya | mangsah nindhihi [[f. 406v]: nindhih...i] jurit | bêndhe Kyai Bicak | sêmana wus ingasta | tinabuh ngukung wiyati | sagung dipatya | kang ajrih wani maning ||
101.034 sigra mangsah pasisir măncanêgara | dipatine ngawaki | sumahab ing rana | samyarsa ngantêp ing prang | gumêrgut wadya gêng alit | dening narendra | anadhahi pribadi ||
101.035 wong Kalagan sadhiya prayitnèng rana | sêdaya sêdya mati | kêkathahên mêngsah | lir udan tibèng rawa | ngarsa tinarajang gusis | tangkêping wutat | tumêmpuh kanan kering ||
101.036 ramening prang kunarpa susun atumpang | kang gêsang wuru gêtih | wadya ing Kalagan | kadya sima kinêpang | saparane dèn tadhahi | saya kyèh pêjah | dadya kêdhik kang kari ||
101.037 mangsah ngrana sira Arya Măndhalika | ki pangulu tan kari | sakêtib modinnya | binendrong kering kanan | wadya Kumpêni ngêdrèli | akathah pêjah | wadya kaum Matawis ||
101.038 sira Arya Măndhalika kinêmbulan | ing sagung pra dipati | sinasog ing watang | sinawuran sarampang | busur jamparing ngudani | Ki Măndhalika | datan nêdya gumisir ||
463–464 dari 856

 


1 syaraning. Bandingkan: swaraning (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 4.29.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 34.31.1). (kembali)