Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
101 dari 170
464–465 dari 856
4.634–4.643 dari 8.560
101.035 wong Kalagan sadhiya prayitnèng rana | sêdaya sêdya mati | kêkathahên mêngsah | lir udan tibèng rawa | ngarsa tinarajang gusis | tangkêping wutat | tumêmpuh kanan kering ||
101.036 ramening prang kunarpa susun atumpang | kang gêsang wuru gêtih | wadya ing Kalagan | kadya sima kinêpang | saparane dèn tadhahi | saya kyèh pêjah | dadya kêdhik kang kari ||
101.037 mangsah ngrana sira Arya Măndhalika | ki pangulu tan kari | sakêtib modinnya | binendrong kering kanan | wadya Kumpêni ngêdrèli | akathah pêjah | wadya kaum Matawis ||
101.038 sira Arya Măndhalika kinêmbulan | ing sagung pra dipati | sinasog ing watang | sinawuran sarampang | busur jamparing ngudani | Ki Măndhalika | datan nêdya gumisir ||
101.039 yèn mangsaha ing braja Ki Măndhalika | wus ajur wor lan siti | pira ta kuwatnya | sirarya Măndhalika | angrasa datan kuwawi | nulya alênggah | mêtêk napas ngêmasi ||
101.040 datan busèt sarirane Măndhalika | kathahing braja mandi | marêngi lan ajal | marga saking akathah | katur ing sri narapati | lamun Ki Arya | Măndhalika ngêmasi ||
101.041 sru bramatya Sri Naradipa [[f. 407r]: Nara...dipa] Ngalaga | arsa ngawaki jurit | anitih turăngga | Kyai Palèrèd ngasta | ingêmbat-êmbat kumitir | mangsah ing rana | sawadya warga ngiring ||
101.042 Pangran Arya Panular Pangran Mamênang | Radèn Natabratèki | Arya Tambakbaya | myang Arya Surajaya | sakancanira pra mantri | datan atêbah | tansah wuri nrêpati ||
101.043 kadi yaksa pangamuke wong Kalagan | gustinira ngawaki | kang para dipatya | Mêngkurat tan umangsah | wadya lit kabèh sumikir | amung dipatya | pugawa mantri jurit ||
101.044 singa ikang tinarajang bubar-bubar | tanna wani manggahi | pugawa ing Karta- | sura samya lumajar | mulat Prabu Ngalagèki | lintang jrihira | ngusi wurining gusti ||
464–465 dari 856