Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
102 dari 170
466–467 dari 856
4.658–4.667 dari 8.560
| 102.010 | bubar ikang minăngka têtindhih | Kyai Tumênggung Wirawidigda | Makuyuda myang arine | wêtara tigang èwu | wong ing desa samya kinêrig | anrapakên arahan | ikang sampun nungkul | abaris anèng Parênggan | tanah bumi Bagêlèn kang dèn tuguri | dening sri naranata || |
| 102.011 | sampun bubar saking ing Matawis | lampahira praptèng Kartasura | miwah amral sawadyane | sang nata angadhatun | nanging tansah siyagèng jurit | osiking tyas narendra | adhuh arinisun | Adipati Pugêr sira | lali têmên adhimas marang ing kami | yèn awèt mêngkenea || |
| 102.012 | pasthi awèt risaking nêgari | yèn adhimas awèta suwala | tan eca jênêngong kiye | ya ta carakanipun | kang abaris Parênggan prapti | angaturi uninga | dhatêng sang aprabu | Natèng Ngalaga wus ilang | ing Salinga wontên wong umadêg baris | Namrud anama raja || |
| 102.013 | tan kawarna Natèng Kartawani | kang anahên ruwarèng ing driya | Salinga kawarna manèh | Natèng Ngalaga nglalu | Raja Namrud ikang nanggupi | bêdhahe Kartasura | ing samangsanipun | marmane binapa-bapa | Raja Namrud tinariman èstri luwih | sêntana naking-sanak || |
| 102.014 | duk ingajak amagut ing jurit | Raja Namrud tansah năngga krama | nora nana wêkasane | dadya kaku tyasipun | Natèng Nglaga sinagèng[1] krami | nanging Pangran [[f. 409r]: Pangra...n] Mamênang | sangêt aturipun | anak prabu dèn asabar | sampun age pênêd tinurut kariyin | pun Namrud aprawira || |
| 102.015 | Natèng Nglaga wus puwas kang galih | nulya bubar sakawulawarga | dhatêng Bagêlèn jujuge | lajêng angirup-irup | wong padesan anata baris | Ki Arya Tambakbaya | kang kinarya tugul | senapatining ayuda | akalihan Ki Arya Surajayèki | katri Ki Suraguna || |
| 102.016 | wong Bagêlèn akathah kang prapti | saha bêkta sagêgamaning prang | sampun andadi barise | nulya budhal sang prabu | lampahira prapta ing Nitik | nahan wong Kartasura | têlikira rawuh | matur ing Wirawidigda | nênggih wontên dêdamêl anyar kang prapti | arsa nagulang[2] ing prang || |
| 102.017 | Jêng Susunan Ngalaga nindhihi | Wirawidigda bubar sakala | sakănca wadyabalane | wadya Bagêlèn anglud | saparane saya ingusir | prapta tanah Mataram | sinêrod binujung | Tumênggung Wirawidigda | praptèng Pokak kandhêg anata kang baris | sakancane wêdana || |
| 102.018 | kawarnaa kang praptèng Matawis | Prabu Ngalaga samadya căndra | wong Mataram tarub manèh | Pangran Panulyar[3] wau | kang kinarya têtindhih malih | lan Radèn Natabrata | nanging lagi rawuh | dening Pangeran Mamênang | taksih kari anèng Salinga abaris | Ki Namrud rowangira || |
| 102.019 | malah arsa jinujung nrêpati | mring Ki Namrud Pangeran Mamênang [[f. 409v]: Mamê...nang] | mila nurut sakarsane | nahan ikang winuwus | Jêng Suhunan Ngalaga aglis | budhal saking Mataram | saha wadya umung | arsa nglagar Kartasura | barisira cucuking prang wus atêbih | sirarya Tambakbaya || |
466–467 dari 856
| 1 | sinanggèng (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.65, Pupuh 102.14.5). (kembali) |
| 2 | nanggulang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.65, Pupuh 102.16.10; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.16.10). (kembali) |
| 3 | Panular (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 108.17.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.18.4). (kembali) |