Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
102–103 dari 170
467–468 dari 856
4.668–4.677 dari 8.560
| 102.020 | lawan Ki Arya Surajèyèki[1] | tinarajang kang baris ing Pokak | dhadhal sumyur larut kabèh | wadya Kalagan anglud | dèn bêbujung Drêsanan prapti | binanjêl malih budhal | prapta ing Dilanggu[2] | maksih binujung lumayya | prapta Sanggung nulya malêbêt nagari | gamaning Kartasura || |
| 102.021 | wong Kalagan anèng Sanggung baris | tan mêtoni wadya Kartasura | wong desa wus mirut kabèh | samya prapta sêsuguh | akèh lajêng tumut abaris | kinêpung Kartasura | gantyaa kawuwus | sri nata ing Kartasura | kang Mêngkungrat[3] sêmana miyos tinangkil | Ki Wirayodha akram || |
| 102.022 | pra dipatya nung-anung ing ngarsi | sira amral andhèr ing ngiringan | pra pêsir anèng wurine | Radèn Nrangkusumèku | ingandikan marêk ing ngarsi | majêng saha mangrêpa | manêmbah andhêku | naranata ris ngandika | lah ing ngêndi arimas gone abaris | matur radèn apatya || |
| 102.023 | wontên Sanggung ari paduka ji | pangajêngipun agêpuk praja | sabèng piji pacalange | praja dalêm kinêpung | rinta Pangran Panular nênggih | têtindhihing ayuda | ngandika sang prabu | kabèh wadya ngundhangana | lamun isun arsa nindaki pribadi | ing yudane [[f. 410r]] ari mas || |
| 102.024 | sigra nêmbang tengara dyan patih | bêndhe tinêmbang munya angakang | gong bèri umyang syarane | punang tambur gumuruh | wus siyaga sagung prajurit | miwah bala Wêlănda | sadhiya akumpul | sang nata ngrasuk busana | wus samêkta sagunging para prajurit | mundur para biyada || |
| 103. Durma | |
| [Wadya Kalagan mengsah jurit lawan wadya Kartasura. Wadya Kalagan kawon, lajeng makuwon ing Kuwel. Sunan Ngalaga sumuyud dhateng sunan Mengkurat.[4]] | |
| 103.001 | tinêtêgan budhal sagunging gêgaman | lir ombaking jaladri | busananing wadya | kadi prawata sêkar | tanapi wadya Kumpêni | alêlumbungan | Bugis prasamya ngarsi || |
| 103.002 | pra dipati pasisir pangawat kiwa | kanan măncanêgari | wadya Kartasura | ngraksa wurining nata | jawining praja wus prapti | Jabung ran desa | ayun-ayunan jurit || |
| 103.003 | sigra mangsah wadyabala ing Kalagan | angamuk galong pipis | tandangnya lir yaksa | sura manggih ing rana | wong Kartasura nadhahi | samya sudira | rame têmpuhing jurit || |
| 103.004 | wong Kalagan binendrong sênjata kathah | Kumpêni kang ngêdrèli | gurnating Wêlănda | lir gêlap asauran | tiktak palayangan muni | barung sinapan | mimis kadya gurimis || |
| 103.005 | anungkêbi pasisir măncanêgara | saking kanan lan kering | bubar ingamukan | dening wadya Kalagan | angusi baris Kumpêni | Prabu Mêngkurat | duk arsa angawaki || |
467–468 dari 856
| 1 | Surajayèki (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.66, Pupuh 102.20.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.20.1). (kembali) |
| 2 | Dêlanggu (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.20.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 125.20.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.17.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.20.7). (kembali) |
| 3 | Mêngkurat (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.21.9). (kembali) |
| 4 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.67. (kembali) |