Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
103 dari 170
468–469 dari 856
4.673–4.682 dari 8.560
| 103. Durma | |
| [Wadya Kalagan mengsah jurit lawan wadya Kartasura. Wadya Kalagan kawon, lajeng makuwon ing Kuwel. Sunan Ngalaga sumuyud dhateng sunan Mengkurat.[1]] | |
| 103.001 | tinêtêgan budhal sagunging gêgaman | lir ombaking jaladri | busananing wadya | kadi prawata sêkar | tanapi wadya Kumpêni | alêlumbungan | Bugis prasamya ngarsi || |
| 103.002 | pra dipati pasisir pangawat kiwa | kanan măncanêgari | wadya Kartasura | ngraksa wurining nata | jawining praja wus prapti | Jabung ran desa | ayun-ayunan jurit || |
| 103.003 | sigra mangsah wadyabala ing Kalagan | angamuk galong pipis | tandangnya lir yaksa | sura manggih ing rana | wong Kartasura nadhahi | samya sudira | rame têmpuhing jurit || |
| 103.004 | wong Kalagan binendrong sênjata kathah | Kumpêni kang ngêdrèli | gurnating Wêlănda | lir gêlap asauran | tiktak palayangan muni | barung sinapan | mimis kadya gurimis || |
| 103.005 | anungkêbi pasisir măncanêgara | saking kanan lan kering | bubar ingamukan | dening wadya Kalagan | angusi baris Kumpêni | Prabu Mêngkurat | duk arsa angawaki || |
| 103.006 | Kyai Bicak tinabuh munya angakang | mangsah sri narapati | saha [[f. 410v]: sah...a] wadyabala | gêlar anyupit urang | ing dhadha wadya Kumpêni | măncanêgara | bêbau myang pasisir || |
| 103.007 | pra dipati Kartasura sêsungutnya | sarêng ramening jurit | rusak wong Kalagan | lir karubuhan arga | Prabu Ngalaga gumisir | mundur lolonan | wadyanira giniring || |
| 103.008 | ikang brana sadaya kinèn abêkta | èsmu kasapih latri | mundur sewang-sewang | musuh kalawan rowang | Prabu Mêngkungrat tumuli | kondur ngadhatyan | sawadyanya gêng alit || |
| 103.009 | Natèng nglaga ing Kuwêl pakuwonira | nging maksih pacak baris | prayêtna ing baya | nahan kang kawuwusa | kang manjing ing dalêm puri | Prabu Mêngkungrat | Urawan dèn timbali || |
| 103.010 | praptèng ngarsaning nata ris angandika | hèh Urawan sirèki | dèn bisa mong duta | ipukên adhi êmas | aja gawa batur siji | nglugasa raga | poma dèn kêna bêcik || |
468–469 dari 856
| 1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.67. (kembali) |