Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
103–104 dari 170
470–471 dari 856
4.697–4.706 dari 8.560
| 103.025 | Natèng Nglaga aris wijiling wêcana | wus mênênga Sumêndhi | apa tinangisan | sun turut aturira | aturêna sêmbah mami | maring kangêmas | lan galap gampil mami || |
| 103.026 | Ki Urawan umatur nuhun lênggana | yèn suwawi lan gusti | paduka putusan | dhumatêng Kartasura | atur surat ing raka ji | dening kawula | benjing sarêng lan gusti || |
| 103.027 | dados datan tinaha driya narendra | punika yèn suwawi | sang nata ngandika | hèh Kalêng adadana | sun duta manjing nêgari | ngaturna surat | ingsun ing kakang aji || |
| 103.028 | Dêmang Kalêng sampunnya tampi pusaka | lèngsèr saking ngarsa ji | lampahira sigra | tan kawarna ing marga | gancanging carita prapti | ing Kartasura | ing alun-alun nganti || |
| 103.029 | risêdhêngnya nata miyos sinewaka | pêpêk pugawa mantri | Dêmang Kêlêng sigra | mring Radèn [[f. 412r]: Ra...dèn] Nrangkusuma | lajêng katur ing nrêpati | wus ingandikan | marêk saha tur tulis || |
| 103.030 | gya pinundhut sêrat dhatêng sri narendra | sigra rahadèn patih | surat tinampanan | katur nata ngandika | wong apa dutane adhi | caraka nêmbah | amba mantri Pamijil || |
| 104. Mijil | |
| [Sunan Ngalaga katuran rawuh dhateng Kartasura. Sunan Mengkurat panggih kaliyan sunan Ngalaga.[1]] | |
| 104.001 | dyan winaos sinukmèng ing ati | atur sêmbahnya wong | ri ta narpa Prabu Ngalagane | kaatura ing kakang mas aji | ikang angranggoni | winarja winangun || |
| 104.002 | ulun angaturkên pati urip | sumăngga rèh katong | igih saking sangêting kasupèn | yèn adarbe panêmbahan yakti | gêgênti rama ji | igih kadang sêpuh || |
| 104.003 | dununging sêmbah ikang sayêkti | sumăngga wak ingong | kinurêbêna ing abahane | igih datan suwala ing kapti | nadyan pati urip | sumăngga rèh prabu || |
| 104.004 | tyasira sang lir pendah jinait | kantu gènnya maos | dadya ngandika ing pêpatihe | undhangana wêdananing mantri | sun arsa nindaki | mapag arinisun || |
470–471 dari 856
| 1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.70. (kembali) |