Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
103–104 dari 170
471–472 dari 856
4.702–4.711 dari 8.560
103.030 gya pinundhut sêrat dhatêng sri narendra | sigra rahadèn patih | surat tinampanan | katur nata ngandika | wong apa dutane adhi | caraka nêmbah | amba mantri Pamijil ||
104. Mijil
[Sunan Ngalaga katuran rawuh dhateng Kartasura. Sunan Mengkurat panggih kaliyan sunan Ngalaga.[1]]
104.001 dyan winaos sinukmèng ing ati | atur sêmbahnya wong | ri ta narpa Prabu Ngalagane | kaatura ing kakang mas aji | ikang angranggoni | winarja winangun ||
104.002 ulun angaturkên pati urip | sumăngga rèh katong | igih saking sangêting kasupèn | yèn adarbe panêmbahan yakti | gêgênti rama ji | igih kadang sêpuh ||
104.003 dununging sêmbah ikang sayêkti | sumăngga wak ingong | kinurêbêna ing abahane | igih datan suwala ing kapti | nadyan pati urip | sumăngga rèh prabu ||
104.004 tyasira sang lir pendah jinait | kantu gènnya maos | dadya ngandika ing pêpatihe | undhangana wêdananing mantri | sun arsa nindaki | mapag arinisun ||
104.005 dutanya wus ingaturan tulis | tampi awotsinom | Dêmang Kalêng lèngsèr sing ngarsane | lampahira tan kawarnèng margi | ing Kuwêl gya prapti | tumamèng ing ngayun ||
104.006 Dêmang Kalêng ngaturakên tulis | wêwangsule katong | wus tinampan binuka surate | pèngêt ikang bêbukaning tulis | têkaa mring adhi | salam donganisun ||
104.007 wiyose sira ngaturi tulis [[f. 412v]: tuli...s] | wus katur maringong | sun tupiksa ubayane kiye | isun liwat tarima ing ati | dening sira prapti | ing Soma sun pêthuk ||
104.008 titi têlas ubayaning tulis | sukèng tyas sang anom | dening raka dahat prasêtyane | Ki Urawan nulya dèn timbali | sinungan upêksi | suratirèng prabu ||
104.009 wadya Kalagan ngundhangan sami | ambakoki[2] waos | datan wontên sawalèng karsane | tan kawarna lamine gya prapti | ing Soma winarni | sang natarsa mêthuk ||
471–472 dari 856

 


1 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.70. (kembali)
2 ambongkoki (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.70, Pupuh 104.9.2). Bandingkan: bongkok (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 7.9.2). (kembali)