Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
104 dari 170
472–473 dari 856
4.715–4.724 dari 8.560
| 104.013 | budhal saking ing Kuwêl narpati | sawadyanya galong | waos binongkok mugèng ngarsane | pêrtandhane yèn nukul nêrpati | Urawan tan kari | kang dadi pangimur || |
| 104.014 | tansah mugèng ing ngarsa lumaris | samargi tan adoh | tan kawarna ing marga lampahe | pangarsane ing Sagung[1] wus prapti | Kadhokngorèk muni | asauran umyung || |
| 104.015 | nulya prapta ing Sagung[2] nrêpati | campuh sapandulon | Prabu Mêngkurat tumêdhak age | saking [[f. 413r]] turăngga mêthuk ing rayi | Natèng Ngalagèki | tyasnya rangu-rangu || |
| 104.016 | dening kang raka cara Wêlandi | busana sang katong | ing sakala asalah tampine | wadyanira kinêjepan aglis | samya anatasi | bêbokokanipun || |
| 104.017 | wadya sami sakala arakit | gègèr kang lor kulon | samya angrakit sênjata age | Ki Urawan asru anayuti | mêngkul pada nangis | adhuh gustinisun || |
| 104.018 | Natèng Ngalaga nèng kidul kali | kang raka nèng êlor | adangu winawas-wawas bae | tan asamar yèn raka sayêkti | gya nabrang ing kali | Urawan nèng ngayun || |
| 104.019 | wus apêrêk ingawe kang rayi | gya sang prawiranom | cundhuk mangrêpa ngusya padane | Prabu Mêngkurat onêng kapati | dhumatêng kang rayi | jangganya rinangkul || |
| 104.020 | muwah Pangran Panular ngabêkti | ngarsa pada katong | angandika nata mring patihe | sakèhe ikang para dipati | padha tura bêkti | marang arinisun || |
| 104.021 | sasampunnya ngujung radèn patih | bupati kumrayok | atanapi pra sêntana kabèh | wusnya amral sung tabe anuli | kang para upêsir | atur tabenipun || |
| 104.022 | sinêngkalan duk pagya[3] ing nguni | ri ta narpa katong | jaladri lang rêtune jagate |[4] datatita wus budhal sang aji | sri lampahing margi | tinon lir mêgatruh || |
472–473 dari 856
| 1 | Sanggung (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 7.14.4). (kembali) |
| 2 | Sanggung (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 37.15.1). (kembali) |
| 3 | panggya (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.71, Pupuh 104.22.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.62.7). (kembali) |
| 4 | Tanggal: jaladri lang rêtune jagate (AJ 1604). Tahun AJ 1604 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Januari 1681 sampai dengan 10 Januari 1682. Lihat juga: Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 7.22.3; toya muluk obah rêksakane (AJ 1604) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 185.26.3). (kembali) |