Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
104–105 dari 170
473–474 dari 856
4.724–4.733 dari 8.560
| 104.022 | sinêngkalan duk pagya[1] ing nguni | ri ta narpa katong | jaladri lang rêtune jagate |[2] datatita wus budhal sang aji | sri lampahing margi | tinon lir mêgatruh || |
| 105. Mêgatruh | |
| [Sunan Ngalaga kaparingan kalenggahan lan gantos asma pangéran adipati Puger. Radèn Natabrata dipunperjaya déning sang prabu, amargi andadosaken prang cucuh sunan Ngalaga kaliyan sunan Mengkurat. Amral Hèlduwèlbèh wangsul dhateng Betawi.[3]] | |
| 105.001 | nulya prapta nêgari ing Kartapurun | sang nata ngadhaton nuli | ikang rayi pan wus sinung [[f. 413v]: si...nung] | dalêm sarta sinung ligih | karya kalih èwu kang wong || |
| 105.002 | sabên enjang ngandikan malbèng kadhatun | maksih jênênge sang aji | enjing sowan dalêm agung | tur uning ngandikan aglis | prapta ngarsa turnya alon || |
| 105.003 | ămba punika kakang êmas duk karuwun |[4] anama nata sêsilih | Susunan Ngalaga ulun | yèn taksiha aran aji | dahat saru wuwusing wong || |
| 105.004 | nata angling lah tarima yayi tèngsun | pangraksanira mring kami | tanah Jawi sra[5] kang duwe ku |[6] yèn rusak kelangan pribadi |[7] sira prapta suka tyas wong || |
| 105.005 | apa dene kang pra dipati sadarum | lakung bungah sira prapti | kang rayi tur sêmbahipun | dyan lèngsèr prapta ing jawi | cundhuk patih kèn ngundhang wong || |
| 105.006 | sagung wadya ing mêngko ta namanisun | Pangran Dipati Pugêr mami |[8] wus mari sun sêbut ratu | ingong wisma ing Kadingding | ing tuduhe kakang katong || |
| 105.007 | Natabrata dèn têlasi mring sang prabu | dosanya gawe-gawèki | mring rayi têmah prang cucuh | Natabrata purwanya dhingin |[9] ikang gawe apadudon || |
| 105.008 | datatita miyos sineba sang prabu | wus kapang kang Magêrsari | Priyantaka Sragêninipun |[10] dyah wadya angapit-apit | Nirbaya nèng ngarsa katong || |
| 105.009 | Nyakragnyana Miji Kapilih Brajanalèku |[11] wong Wirabraja Wisamartèki |[12] Kartayasa sisihipun | Tanuastra pan asisih | Nutra lawan Mandhung kaot || |
473–474 dari 856
| 1 | panggya (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.71, Pupuh 104.22.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.62.7). (kembali) |
| 2 | Tanggal: jaladri lang rêtune jagate (AJ 1604). Tahun AJ 1604 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Januari 1681 sampai dengan 10 Januari 1682. Lihat juga: Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 7.22.3; toya muluk obah rêksakane (AJ 1604) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 185.26.3). (kembali) |
| 3 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.72. (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata: ămba punika kangêmas duk karuwun. (kembali) |
| 5 | sira. (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata: Jawi sira kang duwe ku. (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata. (kembali) |
| 8 | Lebih satu suku kata: Dyan Dipati Pugêr mami. (kembali) |
| 9 | Lebih satu suku kata: Natabrata wite dhingin. (kembali) |
| 10 | Lebih satu suku kata: Priyantaka Sragninipun. (kembali) |
| 11 | Lebih dua suku kata. (kembali) |
| 12 | Lebih dua suku kata. (kembali) |