Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
107 dari 170
478–479 dari 856
4.776–4.785 dari 8.560
| 107.012 | nèng bêlokan wus sumadya[1] sasi | lawan isun nora mangan-mangan | sumandene-sumandene | tan bisa ucul isun | sira bocah pêksa guna di | muga Bathara Krêsna | tiwikrama tuhu | ing ajur-ajèr tan kewran | sira bocah angucap apêksa luwih | mulamu [[f. 417v]: mula...mu] nèng bêlokan || |
| 107.013 | sira Untung mèsêm anauri | isun nora rêmbug lawan sira | pikir lan wong akèh kiye | sasukane atimu | kudu dhêmên dèn bêlok wêsi | liyane têkèng sira | kang sun ajak rêmbug | kabèh sanak-sanak iwang | yèn anaa iya kang bisa nguculi | apa karêpe samya || |
| 107.014 | wong akathah samya anauri | yèn ucula Untung saking sira | sanak-sanakira kabèh | apa rèhira anut | nadyan silih ngamuka loji | alah mati bêlokan | Ki Untung gumuyu | sarwi ngunus sikilira | sampun ucul saking ing bêlokan wêsi | cingak wong sabêlokan || |
| 107.015 | têtarungkon wong sawidak kalih | inguculan wus ucul sadaya | amung wong siji kang maksèh | kang nyênyampahi wau | nulya sagung kang ucul sami | aris dènira ngucap | mring sira Ki Untung | lah ta paran karsanira | dening uwis ucul marga ing sirèki | mêngko apa rèhira || |
| 107.016 | Ki Untung alon dènira angling | karsanisun angamuk Wêlănda | paran karêpira kabèh | kang wong sadaya muwus | nadyan silih ngamuka loji | kabèh nora sumigah | ing karsaning rèku | mung upayakna dadanan | lan maninge golèkna sêsarap dhingin | dimone padha kuwat || |
| 107.017 | sira Untung lingira amanis | yèn mêngkono lah padha karia [[f. 418r]: ka...ria] | sun lunga sadhela bae | risaksana Ki Untung | lawang gêdhong dinêdêl wani | kuncinira malêsat | Ki Untung gya mêtu | cinatur kala sêmana | ngandhut patrêm tapak gêdhene sanyari | sapraptanirèng jaba || |
| 107.018 | kang ajaga pinatrêm wus mati | gumaledhag tan kongsi mindhoa | kunci wus pinasang manèh | Ki Untung nulya laju | prasanake dipun ulati | tan asuwe sêmana | kêkalih katêmu | gupuh samya rêrangkulan | sanakira karo muwus awor tangis | paran ta polahira || |
| 107.019 | salawase sira nandhang sakit | manirarsa têtilik tan bisa | mêngko wus katêmu kene | payo sun gawa mantuk | wus lumampah Untung tut wuri | prapta ing wismanira | sanakane gupuh | sadaya wus pinajaran | yèn Ki Untung prapta arsa apêpanggih | sanake agya prapta || |
| 107.020 | sarêng mulat samya ngrangkul nangis | sira Untung alon wuwusira | sanak-sanak isun kabèh | aja na milu mringsun | wangsanira samya nauri | yèn ana karsanira | kang mawa pakewuh | nadyan tumêkènga pêjah | sanakira kabèh padha anglabuhi | malês ing kabêcikan || |
| 107.021 | sira Untung wuwusira aris | sun tarima kabèh sanak iwang | sun jaluk gêgaman bae | lan isun jaluk sêkul | lawan kinang kang sarwa mandi | lan sira atêrêna | isun nuli wangsul | sigra pawong sanakira | agawani kêris pêdhang lawan cundrik | myang [[f. 418v]] waos cêcêndhêkan || |
478–479 dari 856
| 1 | samadya. Bandingkan: tri madya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.19.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.26.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.25.1). (kembali) |