Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
107 dari 170
477–478 dari 856
4.765–4.774 dari 8.560
| 107. Dhandhanggula | |
| [Kapitan Mur kagungan putra angkat nami Untung. Untung kakunjara. Kumpeni kabiyantu wadya Ambon, Bugis, Makasar lan Sumbawa badhé mengsah jurit lawan Untung wonten ing bètèng Alang-alang.[1]] | |
| 107.001 | nênggih wontên kawarnaa malih | Kapitan Êmur ing Batawiyah | adarbe têtukon lare | lagya mur pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | apêkik warnanira | Kapitan Mur iku | salaminira atumbas | rare iku kapitan untunge prapti | dagang myang luguhira || |
| 107.002 | migah mayor nuli komasaris | tan alami mugah èdlèr rolas | padagange kyèh untunge | dadi sugih kalakung | angluwihi ing sami-sami | Èdlèr Mur duk sêmana | rumasa ing kalbu | yèn rare kang sinung bêgja | wus ingakah[2] anak sinungan kêkasih | Ki Untung wastanira || |
| 107.003 | sakarsanira dipun turuti | lintang ingugung wus lama-lama | diwasa akèh umure | mêpêg birainipun | sira Èdlèr Êmur winarni | darbe atmaja nyonyah | warnanira ayu | sêdhênge birai priya | sinadulurakên [[f. 416v]: si...nadulurakên] lan Ki Untung sigih | datan sah sanalika || |
| 107.004 | nanging nyonyah rêmêne kapati | mring Ki Untung dadya lama-lama | wantu sami biraine | dadya alambang santun | pawèwèhe lir banyu mili | barang panjalukira | Ki Untung pan sinung | nanging Ki Untung sêmana | datan arsa asimpên dunyaning rèki | kinarya prasanakan || |
| 107.005 | igih samya pudhaking Kumpêni | pinarsanak anggung winewehan | apa sukane atine | dunyanira Dlèr Êmur | ingulêran raina wêngi | nanging datan kinarya | kasugihanipun | winutahakên kewala | prasanake sadaya dipun tuwuki | lumintu sabên dina || |
| 107.006 | pudhak Kumpêni samya wong Bali | wanèh Bugis ikang pinarsanak | mring Ki Untung lakung sihe | watawis wolung puluh | sadayane kang dèn bêciki | sampun samya katrêsnan | wanèh ana muwus | apa kang sun walêsêna | mring Ki Untung mênawa magiha kardi | sun walês lara pêjah || |
| 107.007 | ing alama-lama dadya uning | Èdlèr Êmur dunyane kyèh ilang | amiyarsa yèn anake | kirda lawan Ki Untung | angulêri dunyane ugi | atmajanira nyonyah | kalakung ingugung | kacina gènira kirda | dyan cinêkêl Ki Untung dèn jêmalani | rinangkèt madya pêjah || |
| 107.008 | datan arsa suwalèng ing kapti | asambat mentak ampun kewala | Èdlèr Mur angrês manahe | dhatêng apuranipun | sawusira alami-lami [[f. 417r]: alami-...lami] | tan mari polahira | nyonyah lan Ki Untung | duk sêmana wruh piyambak | Èdlèr Êmur gènnya kirda pukul kalih | nèng gêdhong pajungutan || |
| 107.009 | gya cinêkêl mring Èdlèr Mur aglis | liwat gusar Ki Untung sêmana | tinaruku[3] blokan gêdhe | nyonyahira dèn sapu | ya ta wau ikang winarni | Ki Untung nèng bêlokan | lakung kawlasayun | pan akathah rowangira | nèng bêlokan sawidak kathahing rèki | sawusnya lama-lama || |
| 107.010 | sira Untung lingira amanis | mring sakèhe wong anèng bêlokan | sanak-sanak isun kabèh | paran ta dayanipun | nora nana kang duwe budi | rèhning padha lêlaran | rewangnya sumaur | hèh Untung pangucapira | kamangkara dening kang bêlokan wêsi | lan gêdhong tinutupan || |
477–478 dari 856
| 1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.76. (kembali) |
| 2 | ingangkah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.76, Pupuh 107.2.9). Bandingkan: ingambil (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.16.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 186.20.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.15.9). (kembali) |
| 3 | tinarungku (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.77, Pupuh 107.9.3). Bandingkan: dinèkèk (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.23.3); sinèlèh (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 186.27.3); tinangkêp (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.22.3). (kembali) |