Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
107–108 dari 170
481 dari 856
4.801–4.810 dari 8.560
| 107.037 | pinarantèn marang ing Kumpêni | yèn ing wayah têngah pukul lima | binarisan ing margane | andhêdhêp tan kadulu | pinakanan Wêlănda siji | Ki Untung duk sêmana | apan nuju lakung | saking sajroning nêgara | aningali Wêlănda siji nèng margi | sigra sinabêt sêdhah || |
| 107.038 | kapisanan kang baris udani | sigra mêdal Ki Untung lumajar | binarondong bêdhil akèh | cinêgat ngarsanipun | Untung mingêr lampahira glis | saking kering narajang | kang kinêbyok suruh | anêmpuh bari lumajar | wong Wêlănda rolas ikang angêmasi | kopralipun satugal || |
| 107.039 | gumurudug Kumpêni bêdhili | abêbujung saparan-parannya | prapta Ngalang-alang Bètèng | rowangira Ki Untung | amiyarsa syaraning bêdhil | tri mêdal sing pagonan- | nira duk andulu | Wêlănda akèh kang prapta | ambêbujung Ki Untung dipun bêdhili | wong satus sarêng mêdal || |
| 107.040 | ngamuk rampak wong satus angukih | tandangira lir bajo ngajawa | Kumpêni akathah longe | tumpêsan ikang kantun | mung têtiga lumayu gêndring | dening wau kang pêjah | sawidak gungipun | kang lumayu mring [[f. 420v]] nêgara | sapraptane matur ing para Rat Pêni | katur durnadur jendral || |
| 107.041 | yèn Wêlandi kathah angêmasi | Untung baris Bètèng Alang-alang | sampun akathah rowange | tan kawarna ing dalu | enjing nulya amêpêk baris | Ambon Bugis Makasar | Sêmbawa Lumayu | gêgaman awarna-warna | nulya budhal amral kang kinèn nindhihi | lawan mayor sakawan || |
| 107.042 | asrang gumêrah tamburnya muni | surak bakilung wadya Makasar | datan kawarna lampahe | Bètèng Lang-alang rawuh | kawuwusa Ki Untung malih | myarsa Kumpêni prapta | tari ngrewangipun | sagung pawong sanakira | aprajangji prasêtya barêng ngêmasi | tan nêdya nulyèng wutat || |
| 108. Pangkur | |
| [Wadya Kumpeni mengsah jurit lawan wadyanipun Untung. Untung ngungsi dhateng Cirebon, lajeng kaparingan nama Surapati déning sultan Cirebon. Untung Surapati badhé suwita dhateng Kartasura.[1]] | |
| 108.001 | wadya Kumpêni umiyat | yèn Ki Untung sanega nata baris | amral angabani magut | sigra Kumpêni mangsah | syarani[2] kang sênjata lir prawata rug | pêtêng kukusing sundawa | Ki Untung aglis ngabani || |
| 108.002 | ing rewang sarêng umangsah | ngamuk rampak nusup kukusing bêdhil | wadya Mêkasar anglambung | barêng sarowangira | ngobrak-abrik manêngah sarowangipun | Ki Untung lir singa lodra | sarowangnya galong pipis || |
| 108.003 | ngiwad-ngiwud pangamuknya | wong Makasar tumpês akèh ngêmasi | Bugis Sêmbawa têtulung | brastha arang kang gêsang | wong Kumpêni ing wuri akathah rawuh | Ki Untung sarewangira | pangamuke wuru gêtih || |
| 108.004 | tibaning mimis lir udan | sira Untung wignya pratamèng jurit | sangêting karoban musuh | lir karubuhan arga | awêkasan rowangira akèh [[f. 421r]] tatu | myang Kumpêni akèh pêjah | wangke asusun tindhih |[3]| |
481 dari 856
| 1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.81. (kembali) |
| 2 | syaraning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.81, Pupuh 108.1.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.1.5). Bandingkan: swaraning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.1.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.1.5); swarane (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.1.5); suwarane (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.3.5). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wangke wor susun atindhih (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.4.7); wangke awor susun tindhih (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.5.7); sawanyawor sungsun tindhih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.5.7); wangke awor tumpang tindhih (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.5.7). (kembali) |