Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
108–109 dari 170
488 dari 856
4.871–4.880 dari 8.560
108.065 wau Radèn Surapatya | abêbisik mring Ki Umbul Jaladri | aja kelangan sirèku | sun bapa arsa lunga | marang nagri Kartasura awak isun | Prabu Mêngkurat yèn arsa | angabdèkakên ing kami ||
108.066 dene iku ratu digbya | layak bisa ngukuhana mring kami | dening yèn wis kandêl isun | sira nuli sun undang | sanak-sanakira sêparo kang kantun | poma sira dèn prayêtna | yèn ana wong takon kami ||
108.067 apadene ratunira | lah warahên isun lunga anêpi | marang ing pasisir kidul [[f. 426r]] | nanging wêwêkas iwang | marang sira besuk yèn utusanisun | sarta gawa sisim iwang | ratumu cêkêlên aglis ||
108.068 sira gawaa bêbandan | Umbul Jaladriya aturnya aris | punapa rena sang bagus | igih dhatêng sandika | lingnya Surapati aja sira gupuh | gitik baris Kali Jirak | gitikên sapukur mami ||
108.069 sawusira apitungkas | nulya mangkat sira Dyan Surapati | wayahira têngah dalu | saking nagri Toyamas | datan kandhêg sawadyane kalih puluh | andarung lampahe ngetan | samargi angaji krami ||
108.070 asring mampir padhusunan | Surapati aji tatakrami |[1] sandine anjaluk sêkul | ngingoni ing rowangnya | dadya randhat lampahe samadya tèngsu | datan kawarna sêmana | praptèng nagri Kartawani ||
108.071 Surapati sarowangnya | rangu-rangu sipêng anèng ing Piji | gènira angaji tutur | wong majing[2] ing nagara | sêsikune lan malih ikang jinujug | kang aglis katur ing nata | wus atas dènira ngaji ||
108.072 kinèn marak radèn patya | yèn andika arsa katur ing aji | punika marga kang agung | Radèn Anrangkusuma | kêkasihe pêpatihe kang sinuhun | dawêg isun kang ngatêrna | sang anom sigra lumaris ||
109. Sinom
[Untung Surapati saha wadyanipun saged numpes kraman ing Toyamas ingkang dipunpandhégani Saradenta lan Saradenti. Gurnadur jendral ing Betawi utusan kapitan Tak supados nyepeng Untung Surapati.[3]]
109.001 ikang sinêdya ing driya | sira Radèn Surapati | umarêk rêkyana [[f. 426v]: rê...kyana] patya | Radèn Anrangkusumèki | lampahe sampun prapti | nênggih paregolanipun | sigra atur uninga | wau kang atêngga kori | lamun ana wong prapta arsa sawita ||
109.002 sigra wau ingandikan | rahadyan rêkyana patih | Ki Surapati wus prapta | ing ngarsanira wotsari | sira rahadyan patih | rêsêping manah andulu | alon wijiling sabda | sira wong têka ing ngêndi | lamun iya lan sapa wêwanginira ||
488 dari 856

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: Surapati angaji tatakrami (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.70.2). (kembali)
manjing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.87, Pupuh 108.71.4; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.71.4). (kembali)
Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.88. (kembali)