Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
108 dari 170
482–483 dari 856
4.813–4.822 dari 8.560
108.007 | tan ana adarbe rêmbag | saparane Ki Untung isun tut wuri |[1] mati uripa sun tumut | Ki Umbul alon mojar | mring Ki Untung yèn arêmbug pikir isun | yèn ta magunga ayuda | pira kuwatira iki || |
108.008 | amusuh wong sanêgara | lamun rêmbag ing karsa lêhêng angusi |[2] Ki Untung alon sumaur | iya sakarsanira | ngêndi ikang prayoga ingusi iku | Ki Umbul alon angucap | ing Carêbon kang prayogi || |
108.009 | Jêng Sultan Carêbon ika | bokmênawi wani igih ngukuhi | Ki Untung kalakung rêmbug | ing dalu gènnya budhal | anjog ngetan ngidul nagri ing Cianjur | wong kawan dasa tan pisah | nahan gantyaa kawarni || |
108.010 | Kumpêni undure yuda | duk ing dalu Kumpêni angati-ati |[3] sadalu abaris tugur | anèng ing pintu bêsar | mriyêm tiktak pinasang dhêpaning pintu | ing dalu tan kawarnaa | ya ta kawarnaa enjing || |
108.011 | gumêr kang tambur sauran | wus kinêrig sagung wadya Batawi | budhal syarane gumuruh [[f. 421v]: gumu...ruh] | wadya awarna-warna | praptèng Bètèng Alang-alang panggih suwung | amral amatah kapitan | ikang kinèn anututi || |
108.012 | lan wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu ikang tinuding |[4] sigra lampahira darung | saha wadya sanambang | Mayor Bantêr kang dadya têtindhihipun | ngidul ngetan nut salasah | sadaya angati-ati || |
108.013 | nahan gantya kawarnaa | lampahira Ki Untung sampun prapti | iya nêgara Cianjur | anulya ngalor ngetan | ing Carêbon ikang sinêdya ing kalbu | nahan ikang kawuwusa | Sultan Carêbon winarni || |
108.014 | darbe abdi kinasihan | wastanira nênggih Ki Surapati | sultan kalakung sihipun | ingugung ngêla-êla | ingapura matèni tanpa dosèku | mêngkana Ki Surapatya | abêburu mring wanadri || |
108.015 | bêkta wong satus rowangnya | sarta sikêp gêgaman pêdhang lan tamsir |[5] lêmbing sênjata lan tulup | lumampah mugèng ngarsa | lampahira ing wanadri sampun rawuh | araryyan pigiring marga | wong kang liwat prasamya jrih || |
108.016 | wadya mugèng kering kanan | kawarnaa Ki Untung ikang prapti | Carêbon talatahipun | lumampah wanawasa | tan apisah sarowange patang puluh | kawarna Ki Surapatya | mulat ing wong ting kalicir || |
482–483 dari 856
1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: saparane Ki Untung sun tut wuri (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.7.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.9.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.9.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.9.2). (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn arêmbug lah nêdha padha ngungsi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.8.2); yèn sirarju payo padha angungsi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.10.2); yèn sêmbada payo padha angungsi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.10.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.10.2); yèn sirarsa payo padha angungsi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.11.2). (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Kumpêni sadalu ngati-ati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.12.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.12.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.13.2); wong Kumpêni sagunge ngati-ati (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.12.2); dènira prang dalu angati-ati (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.10.2). (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pra kapitan pêpitu kang tinuding (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.12.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.14.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.14.2). (kembali) |
5 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: satus kèhe sikêp pêdhang lan tamsir (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.15.2); sapasikêpanira datan kari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.17.2); sasikêpe ngayuda datan kari (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.18.2). (kembali) |