Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
108 dari 170
483–484 dari 856
4.828–4.837 dari 8.560
108.022 dhasar gustinisun sultan | karêmane ing wong pêkik anglungid | lan kang watêk ambêk purun | upami ki katura | marang gusti pasthi yèn manira kantun | kalusur lênggah manira | dadya Surapati angling ||
108.023 hèh adhi peling manira | pan nêgara Carêbon iki cilik | nanging akêre kalakung | yèn sirarsa mring kutha | tigalana kêris tumbakira iku | kabèh lan sarowangira | aja na angago kêris ||
108.024 lamun nora mêngkonoa | pasthi nora bisa manjing nêgari | mara ta kabèh baturmu | padha barundhulana | gêgamane kabèh [[f. 422v]] aturna maringsun | dening manira kang gawa | marang sira mring nêgari ||
108.025 Ki Untung lon wuwusira | dhatêng rowang sraha tumbak lan kêris | kabèh aja ana kantun | ingaturakên sultan | ja kuwatir nadyan pati urip isun | yèn pinundhut tan lênggana | mring gusti isun gendholi ||
108.026 wus samya katur sadaya | tumbak kêris ing Radèn Surapati | tinampan ing rowangipun | Surapati lon mojar | kari sira adhi kang durung barundhul | iya rowangmu sadaya | adhi wis padha srah kêris ||
108.027 Ki Untung alon turira | mung kawula agèr dika alimi | dening rowang kula sampun | barundhulan sadaya | mung kawula rahadèn andika tanggung | măngsa nêdyaa punapa | kawula wong ngusi urip ||
108.028 Ki Surapati bramatya | apa têmên sira tan asrah kêris | măngsa bêcika tinêmu | yèn sira tan awèha | awèh ora awèha manira jaluk | sira iki basakêna | mêndhak alingan kaèksi ||
108.029 apa nganti sun plaksana | isun gawa bêbandan mring nêgari | samyarsanira Ki Untung | ngadêg suraning nala | Untung mojar asêndhu tan awèh isun | yèn tan pêcat nyawaniwang | angèl uga kêris mami ||
108.030 lungane têka wak iwang | Surapati bramatya angêjèpi | ing wadya sarêng anubruk | Ki Untung glis malompat | sarya ngucap ing rowangira sadarum | padha sira lumayua [[f. 423r]: lu...mayua] | isun dhewe kang nagoni[1] ||
108.031 sigra rinêbut ing kathah | ana numbak nuduk mêdhang anamsir | Ki Untung kalakung têguh | tanna braja tumama | Surapati nindhihi wadya anggêrgut | sarwi ngêmbat-êmbat watang | Ki Untung datan gumisir ||
483–484 dari 856

 


nanggoni (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.83, Pupuh 108.30.7; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.30.7). Bandingkan: nanggêni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.26.7); ngêmbari (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.31.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.31.7). (kembali)