Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
108 dari 170
484–485 dari 856
4.840–4.849 dari 8.560
| 108.034 | Ki Surapati lumajar | sêdyanira wêwadul dhatêng ing gusti |[1] ya ta kawarna Ki Untung | rowange akèh bubar | sapraptane rowange padha angrubung | wau uning polahira | Ki Untung dipun tangisi || |
| 108.035 | sakathahing rowangira | samya ngucap mring Ki Untung ngrêmbugi | dawêg anyimpang ing laku | mênawa binalenan | dene ikang bêbegal punika wau | Ki Untung alon angucap | kang ora-ora sira ngling || |
| 108.036 | isun wong nêdya raharja | ingsa Alah uga nêmu basuki | saksana laju Ki Untung | lawan sarowangira | kawarnaa Surapati kang lumayu | sapraptanirèng nêgara | lajêng tumamèng jro puri [[f. 423v]] || |
| 108.037 | jêng sultan lagya pinarak | Surapati prapta ngarsa wotsari | gupuh gènira umatur | kawula tur uninga | abdi dalêm gusti kathah ikang lampus | binegal anèng ing wana | dene ikang mêndhêt kardi || |
| 108.038 | tiyang saking Batawiyah | maksih rare Ki Untung ikang wêwangi |[2] gusti ing mangke pun Untung | kêdah malêbèng praja | kandhêg margi watawis amba mèh rawuh | sultan aris angandika | mring gandhèk kinèn nimbali || |
| 108.039 | gandhèk atur sêmbah mintar | tan kawarna lampahira nèng margi | Ki Untung nulya kapêthuk | nèng jawi galedhegan | alon mojar gandhèk dhumatêng Ki Untung | lah nêdha dika ngandikan | dening jêng sultan dèn aglis || |
| 108.040 | Ki Untung matur sandika | gya lumampah sarowangnya angiring | kari jaba mung Ki Untung | masuk prapta ing ngarsa | manêmbah jêng sultan ngandika arum |[3] mulane sira sun undang | Untung maring ngarsa mami || |
| 108.041 | isun arsa atêtanya | lah matura dèn sayêkti mring kami | praptamu nêgaranisun | apa kang sira sêdya | mangarêpa Untung atur sêmbahipun | gusti kawula punika | dhapur isun ngusi urip || |
| 108.042 | jêng sultan aris ngandika | mring Ki Untung wêcananira amanis |[4] lah iya pira baturmu | Ki Untung atur sêmbah | igih amung kawan dasa kathahipun | sultan aris angandika | dhumatêng Ki Surapati || |
| 108.043 | alane Si Surapatya | dahat dora ature marang [[f. 424r]] kami | durung ana luwangipun | iya wong catur dasa | yèn wania ambegal maring wong satus | dening ta sun êla-êla | ing têmah nyukêri |[5]| |
484–485 dari 856
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sêdyanira awêwadul ing gusti (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.34.2); sêdyanira wêwadul mring nagari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.31.2); sêdyanira wêwadul marang gusti (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.36.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.36.2). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: maksih rare Ki Untung kang wêwangi. Bandingkan: pangajêngan pun Untung kang wêwangi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.40.2); akêkasih inggih pun Untung gusti (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.40.2); wastanipun inggih pun Untung gusti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.35.2); maksih rare warnanipun apêkik (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.38.2). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: manêmbah jêng sultan angandika arum. Bandingkan: atur sêmbah sultan angandika arum (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.40.5); kangjêng sultan pangandikanira arum (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.42.5); ya ta Sultan Carêbon ngandika arum (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.37.5). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata: mring Ki Untung wêcananira manis. Bandingkan: maring Untung ingsun atekon maning (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.42.1). (kembali) |
| 5 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: satêmah anênukêri (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.43.7); têmah nyukêri nagari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.39.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.44.7); têmah nyukêri nêgari (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.44.7). (kembali) |