Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
109 dari 170
492–493 dari 856
4.920–4.929 dari 8.560
109.042 katujon sri naranata | myarsa ature kang rayi | gumujêng saha ngandika | bênêr yayi mas dipati | mêngkono saur mami | kawrata ing angsul-angsul | dening Kumpêni mêksa | anjaluk Si Surapati | sun pundhute [[f. 430v]: pu...ndhute] iya têka dèn cêkêla ||
109.043 hèh sira iya Sindurja | payo mêtua dèn aglis | dhawuhna maring wajidan | mêngkono timbalan mami | nuli tundhungên aglis | lan utusana sirèku | angatêrna Sêmarang | lan pracayakêna malih | kang sun tuduh rumêksa marang Si Êtak ||
109.044 pangane anèng ing marga | ya si răngga ing Sêmawis | Arya Sindurja gya mêdal | sapraptanira ing jawi | wajidan dèn dhawuhi | ing timbalane sang prabu | wus amit gya umêsat | pan sampun wartèng Kumpêni | kang ajaga nêgari ing Kartasura ||
109.045 tan winarna lampahira | ya ta wau sri bupati | aris dènira ngandika | hèh yayi mas adipati | sira sun srahi kardi | dhawuhna timbalanisun | lamun Si Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | lan Si Anrangkusuma sun karya wayang ||
109.046 lan sagung para pugawa | padha undhangana yayi | kabèh awèha gêgaman | iya maring Surapati | pangran manêmbah mijil | pugawa kalih tan kantun | sapraptanirèng jaba | yyang arka wus nitih wukir | sampun prapta pangeran ing dalêmira ||
109.047 sagunging para dipatya | dalu ingundhangan sami | maring dalêm Kapugêran | miwah rahadèn apatih | myang Radèn Surapati | ing Kapugêran wus rawuh | tata sami alênggah | sagunging para dipati | jêng pangeran andhawuhakên timbalan ||
109.048 hèh paman Anrangkusuma [[f. 431r]: Anrang...kusuma] | timbalane kakang aji | kalamun Ki Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | sira kinarya rigit | yèn Si Surapati purun | amagut dutaning kang | Kumpêni saking Batawi | Kapitan Tak mêngko lagya nèng Japara ||
109.049 nanging ta wus ingandikan | dening kakang sri bupati | kayaparan sagupira | kalamun sira tan wani | nuli lungaa aglis | têka nagri Kartapurun | yèn sira wani nglawan | kakang prabu angidèni | lan maringi kanthi iya marang sira ||
109.050 Ki Surapati turira | dhuh gustiku sang apêkik | sanadyan jendral praptaa | ngêriga wadya Kumpêni | dèn kêbak tanah Jawi | datan gumisir ing sagup | mangke badan kawula | asal idine nêrpati | aprasasat paripih kalawan jimat ||
109.051 lêbura kadya pratala | wus kasêdya siyang latri | pêjah awor lan si kopar | pintên bangginipun gusti | kawula manggih urip | asal bêrkat kang sinuhun | rakanta myang panduka | mèsêm pangran adipati | angandika mring Radèn Anrangkusuma ||
492–493 dari 856