Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
109 dari 170
489–490 dari 856
4.882–4.891 dari 8.560
109.004 igih mênawa sumêlang | ing galih sri narapati | upama badan kawula | tinêdha dhatêng Kumpêni | dados rune si kapir | dipun patêdhakna gupuh | nanging panuhun iwang | sagung abdi dalêm Jawi | sampun wontên kang tumut-tumut kewala ||
109.005 dening Kumpêni punika | kapanggiha siyang latri | pan igih purun kawula | sagêndhinge ing ajurit | ya ta rahadèn patih | miyarsa suka ing kalbu | aris dènnya ngandika | lah iya aja kuwatir | pan manira kang matur sri naranata ||
109.006 mêngkana Ki Surapatya | sinung pagenan tumuli | kalakung ingupasuba | ing radèn rêkyana patih | kinadang-kadang yêkti | ingandikan sabên dalu | gantya kang kawuwusa | sira Prabu [[f. 427r]] Saradênti | nênggih ikang madhirèng nagri Toyamas ||
109.007 wus amukti awibawa | gêgamanira andadi | kang abaris Kali Jirak | Tumênggung Toyamas nênggih | apan sampun ginitik | Bul Jaladriya kang magut | tumênggung ing Toyamas | risak wonge akèh mati | tan kuwawi ki tumênggung wus lumayya ||
109.008 lajêng dhatêng Kartasura | sêdyane atur upêksi | datan kawarna ing marga | ing Kartasura wus prapti | katur sri narapati | aturipun ki tumênggung | yèn nagri ing Toyamas | wontên wong umadêg aji | aprakosa kêraman wus madêg nata ||
109.009 Prabu Mêngkurat sru duka | nêhêr kinèn anglurugi | ikang tinuduh ing karya | sira rahadèn apatih | ya ta ikang winarni | Radèn Anrangkusumèku | ngundhangi asanega | ing wadya para prajurit | ingandikan sira Radèn Surapatya ||
109.010 wus prapta ing ngarsanira | ngandika rahadèn patih | isun adhi arsa lunga | timbalane sri bupati | sun kinèn anglurugi | ing wong kang umadêg ratu | anèng tanah Toyamas | sira Radèn Surapati | tur pranata radèn kenginga punika ||
109.011 sampun paduka tumindak | amunga pun Surapati | angrurah musuh karaman | kawula ikang nagupi | wuwuha musuh malih | sayêkti merang kalakung | yèn amba maksih gêsang | sampuna tindak pribadi | suka ing tyas rahadèn patih [[f. 427v]: pa...tih] ngandika ||
109.012 yèn mêngkono karsanira | sun matur ing sri bupati | ri sampunira mêngkana | lumiyat rahadèn patih | prapta ing Srimanganti | wus katur dhatêng sang prabu | anulya tinimbalan | wus prapta ngarsa nrêpati | sigra matur Rahadyan Anrangkusuma ||
109.013 gusti wontên palajêngan | saking nagri ing Batawi | pun Surapati mangaran | lumajêngipun angusi | dèn sikara Kumpêni | marma angusi pukulun | dening datanpa dosa | kinuya-kuya Kumpêni | nanging mangke sagah angrurah karaman ||
489–490 dari 856