Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
109 dari 170
494–495 dari 856
4.936–4.945 dari 8.560
| 109.058 | tuwan pinanggil sang nata | Kapitan Tak sukèng galih | wus budhal saking Jêpara | ing Sêmarang kang dèn jogi | ki răngga wus atampi | ing timbalane [[f. 432r]: timba...lane] sang prabu | sira Kapitan Êtak | wus praptèng nagri Sêmawis | panggih lawan Ki Răngga Martanêgara || |
| 109.059 | sinaosan sakarsanya | kalih dalu nèng Sêmawis | gya budhal saking Sêmarang | Ki Răngga apan umiring | rumêksa anèng margi | tundhan lawan panganipun | datan kawarnèng marga | ing Kênêr pan sampun prapti | apan rêrêb Ki Răngga atur uninga || |
| 109.060 | katur mangrang[1] sri narendra | yèn Kapitan Tak wus prapti | anèng Kênêr saha bala | rêrêb ngasokên wadya lit | sang nata gya nimbali | Arya Sindurja tinuduh | akarya pasanggrahan | ing Toyadana tumuli | yèn wus dadi Êtak nuli pinanggilan || |
| 109.061 | sira Arya Sindurêja | pan sampun atampi wangsit | ngirid pugawa têtiga | ing Toyadana wus prapti | karya pakuwon nuli | wus dadya sigra angutus | kêkalih mantri mudha | kinèn nuturi upaksi | mring Ki Răngga Êtak kinèn ngaturana || |
| 109.062 | Kapitan Tak ingaturan | marang Ki Răngga Sêmawis | agêpah sigra umangkat | kawarnaa sri bupati | Dipati Surawèsthi | kinèn ngabong-abong dalu | pasowan kidul ika | sarta surakira atri | ginumyahkên Surapati ngamuk pura || |
| 109.063 | ya ta wau lampahira | Kapitan Êtak wus prapti | Banyudana saha wadya | saksana sami apanggih | lan Arya Sindurjèki [[f. 432v]] | atêtabean duk cundhuk | binatèng pasanggrahan | atata sami aligih | Kapitan Tak alon dènira anabda || |
| 109.064 | radèn manira dinuta | ing jendral myang pra Rat Pêni | anuhun pun Surapatya | kathah dosaning Kumpêni | lan jendral angaturi | kintun renda lan baludru | punapa ta têksiha | kang wasta pun Surapati | angandika Radèn Arya Sindurêja || |
| 109.065 | igih taksih wontên tuwan | nanging ta datan angabdi | dhatêng gusti sri narendra | kang wasta pun Surapati | watên rahadèn patih | nênggih pangawulanipun | duk tuwan aputusan | wajidan ngaturi tulis | sakinge[2] pinundhut Ki Surapatya |[3]| |
| 109.066 | karsanipun sri narendra | kasraha dhatêng Kumpêni | pun Surapati bêbandan | nanging ta rahadèn patih | sangêt gènnya ngukuhi | abăngga sarêng angamuk | lawan pun Surapatya | dadya băngga ing nrêpati | punapa ta Kumpêni botên miyarsa || |
| 109.067 | yèn Radèn Anrangkusuma | amêngsah ing sri bupati | anglabuhi Surapatya | malah ing sadintên wingi | sêdya angamuk puri | mêdal ing pasowan kidul | pan sampun ingobongan | yèn sampuna egal prapti | jêng Pangeran Pugêr têtulung kang raka || |
494–495 dari 856
| 1 | marang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.93, Pupuh 109.60.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.59.1). (kembali) |
| 2 | sawingkinge (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.65.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.64.9). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sawingkinge pinundhut Ki Surapatya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.65.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.64.9). (kembali) |