Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
109 dari 170
494–495 dari 856
4.938–4.947 dari 8.560
109.060 katur mangrang[1] sri narendra | yèn Kapitan Tak wus prapti | anèng Kênêr saha bala | rêrêb ngasokên wadya lit | sang nata gya nimbali | Arya Sindurja tinuduh | akarya pasanggrahan | ing Toyadana tumuli | yèn wus dadi Êtak nuli pinanggilan ||
109.061 sira Arya Sindurêja | pan sampun atampi wangsit | ngirid pugawa têtiga | ing Toyadana wus prapti | karya pakuwon nuli | wus dadya sigra angutus | kêkalih mantri mudha | kinèn nuturi upaksi | mring Ki Răngga Êtak kinèn ngaturana ||
109.062 Kapitan Tak ingaturan | marang Ki Răngga Sêmawis | agêpah sigra umangkat | kawarnaa sri bupati | Dipati Surawèsthi | kinèn ngabong-abong dalu | pasowan kidul ika | sarta surakira atri | ginumyahkên Surapati ngamuk pura ||
109.063 ya ta wau lampahira | Kapitan Êtak wus prapti | Banyudana saha wadya | saksana sami apanggih | lan Arya Sindurjèki [[f. 432v]] | atêtabean duk cundhuk | binatèng pasanggrahan | atata sami aligih | Kapitan Tak alon dènira anabda ||
109.064 radèn manira dinuta | ing jendral myang pra Rat Pêni | anuhun pun Surapatya | kathah dosaning Kumpêni | lan jendral angaturi | kintun renda lan baludru | punapa ta têksiha | kang wasta pun Surapati | angandika Radèn Arya Sindurêja ||
109.065 igih taksih wontên tuwan | nanging ta datan angabdi | dhatêng gusti sri narendra | kang wasta pun Surapati | watên rahadèn patih | nênggih pangawulanipun | duk tuwan aputusan | wajidan ngaturi tulis | sakinge[2] pinundhut Ki Surapatya |[3]|
109.066 karsanipun sri narendra | kasraha dhatêng Kumpêni | pun Surapati bêbandan | nanging ta rahadèn patih | sangêt gènnya ngukuhi | abăngga sarêng angamuk | lawan pun Surapatya | dadya băngga ing nrêpati | punapa ta Kumpêni botên miyarsa ||
109.067 yèn Radèn Anrangkusuma | amêngsah ing sri bupati | anglabuhi Surapatya | malah ing sadintên wingi | sêdya angamuk puri | mêdal ing pasowan kidul | pan sampun ingobongan | yèn sampuna egal prapti | jêng Pangeran Pugêr têtulung kang raka ||
109.068 kadi ta kalakon bêdhah | kadhaton dalêm ing wingi | sira Tak dupi miyarsa | tapiyonira binanting | sarwi anyaut rawis | Kapitan Tak [[f. 433r]: Ta...k] asru mêmuwus |[4] hèh Radèn Sindurêja | antinên sadintên benjing | Surapati wus kagêm ing astaniwang ||
109.069 apan sampun sinêgahan | sagunge wadya Kumpêni | dening Arya Sindurêja | datan kawarna ing latri | warnanên sri bupati | animbali pugawa gung | kang rayi ingandikan | Pangeran Pugêr Dipati | pan angirid sagunge para niyaka ||
494–495 dari 856

 


1 marang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.93, Pupuh 109.60.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.59.1). (kembali)
2 sawingkinge (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.65.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.64.9). (kembali)
3 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sawingkinge pinundhut Ki Surapatya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.65.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.64.9). (kembali)
4 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Kapitan Tak asru muwus (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.68.6); Kapitan Tak sarwi muwus (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.67.6); amulir babrêngosipun (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.68.6). (kembali)