Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
109 dari 170
495–496 dari 856
4.942–4.951 dari 8.560
| 109.064 | radèn manira dinuta | ing jendral myang pra Rat Pêni | anuhun pun Surapatya | kathah dosaning Kumpêni | lan jendral angaturi | kintun renda lan baludru | punapa ta têksiha | kang wasta pun Surapati | angandika Radèn Arya Sindurêja || |
| 109.065 | igih taksih wontên tuwan | nanging ta datan angabdi | dhatêng gusti sri narendra | kang wasta pun Surapati | watên rahadèn patih | nênggih pangawulanipun | duk tuwan aputusan | wajidan ngaturi tulis | sakinge[1] pinundhut Ki Surapatya |[2]| |
| 109.066 | karsanipun sri narendra | kasraha dhatêng Kumpêni | pun Surapati bêbandan | nanging ta rahadèn patih | sangêt gènnya ngukuhi | abăngga sarêng angamuk | lawan pun Surapatya | dadya băngga ing nrêpati | punapa ta Kumpêni botên miyarsa || |
| 109.067 | yèn Radèn Anrangkusuma | amêngsah ing sri bupati | anglabuhi Surapatya | malah ing sadintên wingi | sêdya angamuk puri | mêdal ing pasowan kidul | pan sampun ingobongan | yèn sampuna egal prapti | jêng Pangeran Pugêr têtulung kang raka || |
| 109.068 | kadi ta kalakon bêdhah | kadhaton dalêm ing wingi | sira Tak dupi miyarsa | tapiyonira binanting | sarwi anyaut rawis | Kapitan Tak [[f. 433r]: Ta...k] asru mêmuwus |[3] hèh Radèn Sindurêja | antinên sadintên benjing | Surapati wus kagêm ing astaniwang || |
| 109.069 | apan sampun sinêgahan | sagunge wadya Kumpêni | dening Arya Sindurêja | datan kawarna ing latri | warnanên sri bupati | animbali pugawa gung | kang rayi ingandikan | Pangeran Pugêr Dipati | pan angirid sagunge para niyaka || |
| 109.070 | sapraptanira ing pura | ing ngarsanira nrêpati | Dyan Surapati ngandikan | lawan sira radèn patih | sinandi lampah silib | mêdal ing pasowan kidul | sapraptanirèng pura | ngarsane sri narapati | tugal lawan sagunge para dipatya || |
| 109.071 | sang nata alon ngandika | hèh yayi mas adipati | ing Pugêr paran karsanya | pangeran matur ngabêkti | sumăngga ing nrêpati | kawula tan darbe atur | apan pun Surapatya | tan gumisir siyang latri | pêjahipun katur ing panduka nata || |
| 109.072 | sang nata malih ngandika | iya yèn mêngkono yayi | Si Adipati Mandura | kalawan ing Surawèsthi | karo sun srahi kardi | dèn sumêkta besuk esuk | gusah Si Surapatya | dèn rame kanthaning jurit | wangsitana lawan Si Arya Sindurja || |
| 109.073 | poma karo dèn abisa | akarya sandining jurit | isun pan arsa umiyat | yudane Si Surapati | lawan Si Êtak benjing | adunên ing alun-alun | pratiwa kalih nêmbah | rampung [[f. 433v]: ra...mpung] wêlinge nrêpati | Surapati wau kang dinuk ing tingal || |
495–496 dari 856
| 1 | sawingkinge (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.65.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.64.9). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sawingkinge pinundhut Ki Surapatya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.65.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.64.9). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Kapitan Tak asru muwus (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.68.6); Kapitan Tak sarwi muwus (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.67.6); amulir babrêngosipun (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.68.6). (kembali) |