Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
109–110 dari 170
495–496 dari 856
4.947–4.956 dari 8.560
| 109.069 | apan sampun sinêgahan | sagunge wadya Kumpêni | dening Arya Sindurêja | datan kawarna ing latri | warnanên sri bupati | animbali pugawa gung | kang rayi ingandikan | Pangeran Pugêr Dipati | pan angirid sagunge para niyaka || |
| 109.070 | sapraptanira ing pura | ing ngarsanira nrêpati | Dyan Surapati ngandikan | lawan sira radèn patih | sinandi lampah silib | mêdal ing pasowan kidul | sapraptanirèng pura | ngarsane sri narapati | tugal lawan sagunge para dipatya || |
| 109.071 | sang nata alon ngandika | hèh yayi mas adipati | ing Pugêr paran karsanya | pangeran matur ngabêkti | sumăngga ing nrêpati | kawula tan darbe atur | apan pun Surapatya | tan gumisir siyang latri | pêjahipun katur ing panduka nata || |
| 109.072 | sang nata malih ngandika | iya yèn mêngkono yayi | Si Adipati Mandura | kalawan ing Surawèsthi | karo sun srahi kardi | dèn sumêkta besuk esuk | gusah Si Surapatya | dèn rame kanthaning jurit | wangsitana lawan Si Arya Sindurja || |
| 109.073 | poma karo dèn abisa | akarya sandining jurit | isun pan arsa umiyat | yudane Si Surapati | lawan Si Êtak benjing | adunên ing alun-alun | pratiwa kalih nêmbah | rampung [[f. 433v]: ra...mpung] wêlinge nrêpati | Surapati wau kang dinuk ing tingal || |
| 109.074 | mangsah ing ngarsa narendra | pan sampun tampi wêwêling | manêmbah ngaras ing suku sang |[1] lèsèr sing ngarsa nrêpati | muwah rahadèn patih | wus tampi pitungkas tuhu | sarêng dènira mêdal | miwah sagunging bupati | myang Pangeran Pugêr mundur saking ngarsa || |
| 110. Durma | |
| [Untung Surapati kabiyantu wadya kapatihan campuh kaliyan wadyanipun kapitan Tak. Kapitan Tak kaperjaya wonten ing alun-alun Kartasura.[2]] | |
| 110.001 | tan kawarna ing dalu wuwusên enjang | miyos sri narapati | mugèng Sitibêntar | andhèr kang balakusya | wong Priyataka Saragni | wus mugèng ngarsa | pawèstri ngapit-apit || |
| 110.002 | wong atusan sumambèng ing wuri aglar | samya sumaktèng wèsthi | Jagabaya ngarsa | lawan wong Nyakragnyana | Mandhung Nyutra lawan Miji | wong Anirbaya | nèng ngarsa sikêp lêmbing || |
| 110.003 | Patranala kalawan wong Darpahita | Maondara Miyagi[3] | myang wong Wirabraja | Brajanala Kanoman | Patrayuda kang nisihi | Udamênggala | sisih lawan Kapilih || |
| 110.004 | wong Katagung Gandhèk lawan Mantri Mudha | sangkêp ngarsa nrêpati | myang wong Jagasura | tuwin Wisapracăndha | sasikêpira tan kari | Singanêgara | ngubêngi sri bupati || |
495–496 dari 856
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: mangrêpa nêmbah suku sang (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.73.3); manêmbah angaras pada (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.74.3); Surapati nguswa pada (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.74.3). (kembali) |
| 2 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.95. (kembali) |
| 3 | Miyanggi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.3.2). (kembali) |