Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
109 dari 170
489–490 dari 856
4.888–4.897 dari 8.560
109.010 wus prapta ing ngarsanira | ngandika rahadèn patih | isun adhi arsa lunga | timbalane sri bupati | sun kinèn anglurugi | ing wong kang umadêg ratu | anèng tanah Toyamas | sira Radèn Surapati | tur pranata radèn kenginga punika ||
109.011 sampun paduka tumindak | amunga pun Surapati | angrurah musuh karaman | kawula ikang nagupi | wuwuha musuh malih | sayêkti merang kalakung | yèn amba maksih gêsang | sampuna tindak pribadi | suka ing tyas rahadèn patih [[f. 427v]: pa...tih] ngandika ||
109.012 yèn mêngkono karsanira | sun matur ing sri bupati | ri sampunira mêngkana | lumiyat rahadèn patih | prapta ing Srimanganti | wus katur dhatêng sang prabu | anulya tinimbalan | wus prapta ngarsa nrêpati | sigra matur Rahadyan Anrangkusuma ||
109.013 gusti wontên palajêngan | saking nagri ing Batawi | pun Surapati mangaran | lumajêngipun angusi | dèn sikara Kumpêni | marma angusi pukulun | dening datanpa dosa | kinuya-kuya Kumpêni | nanging mangke sagah angrurah karaman ||
109.014 ikang madhirèng Toyamas | punika sagah mêjahi | yèn suwawi rinojonga | ature pun Surapati | endah punapa gusti | yèn èstu pênêd kinukup | yèn awon gya binucal | sampun nyênyukêri galih | sri narendra alon dènira ngandika ||
109.015 lah iya sakarsanira | măngsa bodhoa sirèki | pan isun pracaya sira | iya marang sira patih | suka ing tyas wotsari | wus mêdal saking kadhatun | sapraptanira jaba | panggih lan Ki Surapati | dhinawuhkên timbalanira sang nata ||
109.016 kalilan kinèn umangkat | iya ing sadina mangkin | Ki Surapati sandika | kalakung suka ing galih | pan sampun dèn kanthèni | Tumênggung Toyamas wau | nêhêr sarêng umangkat | saking ngarsa radèn patih | sigra-sigra wus mêdal saking nêgara ||
109.017 ing ênu [[f. 428r]: ê...nu] datan winarna | lampahe Ki Surapati | ing Kali Jirak wus prapta | saksana apacak baris | wong desa kathah prapti | ikang samya asêsuguh | tarub wetan Toyamas | mirsa jêjênêng nrêpati | kawarnaa sira Radèn Surapatya ||
109.018 sigra dènira putusan | ing panakawan kêkalih | binêktan sêsupenira | lampahira aglis prapti | ing Bun Jaladriyèki | pan sampun tanggap ing sêmu | Ki Umbul Jaladriya | sarewangira winangsit | bêbêktane kang saking nagri Jakarta ||
109.019 sadaya kinèn sanega | sagêgamaning ajurit | mangkat seba ratunira | sapraptanira ing puri | sira Ki Saradênti | pan lagya angabên sawung | anèng paseban jaba | ingayap pawongan cèthi | kagya[1] mulat praptane Bun Jaladriya ||
489–490 dari 856

 


kagyat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.89, Pupuh 109.19.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.99.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.19.9). Bandingkan: kagèt (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.19.9). (kembali)