Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
109 dari 170
490–491 dari 856
4.893–4.902 dari 8.560
| 109.015 | lah iya sakarsanira | măngsa bodhoa sirèki | pan isun pracaya sira | iya marang sira patih | suka ing tyas wotsari | wus mêdal saking kadhatun | sapraptanira jaba | panggih lan Ki Surapati | dhinawuhkên timbalanira sang nata || |
| 109.016 | kalilan kinèn umangkat | iya ing sadina mangkin | Ki Surapati sandika | kalakung suka ing galih | pan sampun dèn kanthèni | Tumênggung Toyamas wau | nêhêr sarêng umangkat | saking ngarsa radèn patih | sigra-sigra wus mêdal saking nêgara || |
| 109.017 | ing ênu [[f. 428r]: ê...nu] datan winarna | lampahe Ki Surapati | ing Kali Jirak wus prapta | saksana apacak baris | wong desa kathah prapti | ikang samya asêsuguh | tarub wetan Toyamas | mirsa jêjênêng nrêpati | kawarnaa sira Radèn Surapatya || |
| 109.018 | sigra dènira putusan | ing panakawan kêkalih | binêktan sêsupenira | lampahira aglis prapti | ing Bun Jaladriyèki | pan sampun tanggap ing sêmu | Ki Umbul Jaladriya | sarewangira winangsit | bêbêktane kang saking nagri Jakarta || |
| 109.019 | sadaya kinèn sanega | sagêgamaning ajurit | mangkat seba ratunira | sapraptanira ing puri | sira Ki Saradênti | pan lagya angabên sawung | anèng paseban jaba | ingayap pawongan cèthi | kagya[1] mulat praptane Bun Jaladriya || |
| 109.020 | alon dènira atanya | sira Prabu Saradênti | ing kene dèn maring ngarsa | apa ta wartane jawi | baya ta ana kardi | dening agupuh sun dulu | sira Bun Jaladriya | apan sampun marêpêki | angêjèpi wau maring rewangira || |
| 109.021 | tinubruk saking ngiringan | sira Prabu Saradênti | anjumbul sampun binănda | myang Saradênta ginodhi | kalih binêkta mijil | Bun Jaladriya wus laju | lampahe tan winarna | ing Kali Jirak wus prapti | agya katur ing Rahadèn Surapatya [[f. 428v]] || |
| 109.022 | yèn ratune wus kabêsta | suka Radèn Surapati | sigra pinacok[2] saksana | utamaganira[3] kalih | Toyamas dèn abongi | isine kadhatonipun | prasamya binoyongan | sira Radèn Surapati | nulya budhal saking nagari Toyamas || |
| 109.023 | datan kawarna ing marga | wus prapta ing Kartawani | katur ing sri naranata | yèn prapta Ki Surapati | ratu kraman wus mati | pan katigas jangganipun | sang nata lakung suka | murda pinanjêr tumuli | sira Radèn Surapati wus ginanjar || |
| 109.024 | arta kalawan busana | anuhun Ki Surapati | kalakung suka ing driya | katrima dening nrêpati | wastra sampun binanggi | wêrata sarowangipun | arta miwah busana | lakung sihira nrêpati | pan akathah ganjaranira sang nata || |
490–491 dari 856
| 1 | kagyat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.89, Pupuh 109.19.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.99.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.19.9). Bandingkan: kagèt (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.19.9). (kembali) |
| 2 | pinocok (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.22.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.22.3). (kembali) |
| 3 | utamangganira (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.22.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.22.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.22.4). (kembali) |