Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
109 dari 170
490–491 dari 856
4.898–4.907 dari 8.560
| 109.020 | alon dènira atanya | sira Prabu Saradênti | ing kene dèn maring ngarsa | apa ta wartane jawi | baya ta ana kardi | dening agupuh sun dulu | sira Bun Jaladriya | apan sampun marêpêki | angêjèpi wau maring rewangira || |
| 109.021 | tinubruk saking ngiringan | sira Prabu Saradênti | anjumbul sampun binănda | myang Saradênta ginodhi | kalih binêkta mijil | Bun Jaladriya wus laju | lampahe tan winarna | ing Kali Jirak wus prapti | agya katur ing Rahadèn Surapatya [[f. 428v]] || |
| 109.022 | yèn ratune wus kabêsta | suka Radèn Surapati | sigra pinacok[1] saksana | utamaganira[2] kalih | Toyamas dèn abongi | isine kadhatonipun | prasamya binoyongan | sira Radèn Surapati | nulya budhal saking nagari Toyamas || |
| 109.023 | datan kawarna ing marga | wus prapta ing Kartawani | katur ing sri naranata | yèn prapta Ki Surapati | ratu kraman wus mati | pan katigas jangganipun | sang nata lakung suka | murda pinanjêr tumuli | sira Radèn Surapati wus ginanjar || |
| 109.024 | arta kalawan busana | anuhun Ki Surapati | kalakung suka ing driya | katrima dening nrêpati | wastra sampun binanggi | wêrata sarowangipun | arta miwah busana | lakung sihira nrêpati | pan akathah ganjaranira sang nata || |
| 109.025 | wus anèng Anrangkasuman[3] | wus samya sinungan panti | Surapati sarowangnya | cinadhong siyang myang latri | dhatêng rahadèn patih | ngupasubane kalakung | sawusira mêngkana | ing antara lami-lami | kapiyarsa saking nagri Batawiyah || |
| 109.026 | yèn Ki Untung wus karuhan | sarowangira angabdi | ing Sang Prabu Kartasura | malah wus ngalih kêkasih | aran pun Surapati | ya ta wau kang winuwus | samya rêmbag bicara | sagung niyaka Kumpêni | pinagilan mring sira gurnadur jendral || |
| 109.027 | miwah Dêlèr [[f. 429r]: Dê...lèr] Mur pamêkas | samya bicara Kumpêni | wus dadi ikang bicara | atari marang prajurit | sapa ta ikang wani | anyêkêl marang Si Untung | agung ikang ganjaran | pan sarya jinujung ligih | pra prajurit sami amopo sadaya || |
| 109.028 | dening ta sampun karuwan | Ki Untung prawirèng jurit | kèmêngan gurnadur jendral | Hèr[4] Mur susah punya hati | ya ta wontên Kumpêni | satu wijiling wong agung | nanging maksih kapitan | trahing prajurit linuwih | bapakira kang bêdhah nagri Mukasar || |
| 109.029 | anama Kapitan Êtak | punika ikang nagupi | nyêkêl Ki Untung sêmăngsa | jendral lakung sukèng galih | gumuyu ngêntrog wêntis | sigra nyandhak astanipun | Kapitan Tak sêmana | binaktèng ngarsa tumuli | winor lawan pra niyaka kalih wêlas || |
490–491 dari 856
| 1 | pinocok (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.22.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.22.3). (kembali) |
| 2 | utamangganira (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.22.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.22.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.22.4). (kembali) |
| 3 | Anrangkusuman (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.25.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.25.1). (kembali) |
| 4 | Bandingkan: Dlèr (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.28.4). (kembali) |