Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
109 dari 170
491–492 dari 856
4.903–4.912 dari 8.560
109.025 wus anèng Anrangkasuman[1] | wus samya sinungan panti | Surapati sarowangnya | cinadhong siyang myang latri | dhatêng rahadèn patih | ngupasubane kalakung | sawusira mêngkana | ing antara lami-lami | kapiyarsa saking nagri Batawiyah ||
109.026 yèn Ki Untung wus karuhan | sarowangira angabdi | ing Sang Prabu Kartasura | malah wus ngalih kêkasih | aran pun Surapati | ya ta wau kang winuwus | samya rêmbag bicara | sagung niyaka Kumpêni | pinagilan mring sira gurnadur jendral ||
109.027 miwah Dêlèr [[f. 429r]: Dê...lèr] Mur pamêkas | samya bicara Kumpêni | wus dadi ikang bicara | atari marang prajurit | sapa ta ikang wani | anyêkêl marang Si Untung | agung ikang ganjaran | pan sarya jinujung ligih | pra prajurit sami amopo sadaya ||
109.028 dening ta sampun karuwan | Ki Untung prawirèng jurit | kèmêngan gurnadur jendral | Hèr[2] Mur susah punya hati | ya ta wontên Kumpêni | satu wijiling wong agung | nanging maksih kapitan | trahing prajurit linuwih | bapakira kang bêdhah nagri Mukasar ||
109.029 anama Kapitan Êtak | punika ikang nagupi | nyêkêl Ki Untung sêmăngsa | jendral lakung sukèng galih | gumuyu ngêntrog wêntis | sigra nyandhak astanipun | Kapitan Tak sêmana | binaktèng ngarsa tumuli | winor lawan pra niyaka kalih wêlas ||
109.030 wanti-wanti linarihan | marang ing jendral pribadi | muwah Rat Pêni Indiya | sadaya samya alarih | sampun sinung Kumpêni | kalih atus kang tinuduh | prasamya pêpilihan | myang wadya Mêkasar Bugis | sigra mangkat pan sampun binêktan surat ||
109.031 saksana numpak ing palya | mancal saking ing Batawi | tan winarna solahira | ing laotan kang dèn jogi | Japara muwarèki | baita pan sampun labuh | mêntas Kapitan Êtak | sawadyanira Kumpêni | catur ari gènnya nèng loji Japara ||
109.032 ri sampunira [[f. 429v]: sampu...nira] mangkana | wajidan nulya tinuding | ngaturkên surate jendral | dhumatêng sri narapati | kinanthèn mantri kalih | Japara gya lampahipun | ing ênu tan winarna | prapta ing Kartasurènjing | kang jinujug Radèn Arya Sindurêja ||
109.033 sira Ki Arya Sindurja | sigra tumamèng jro puri | katur ing sri naradipa | yèn surat saking Batawi | gya wau katupèksi | sampun kadriya kang têmbung | sang nata angandika | maring Arya Sindurja ris | hèh Sindurja kayaparan karsanira ||
109.034 dene ki[3] layange jendral | anjaluk Si Surapati | Arya Sindurja tur sêmbah | yèn suwawi sri bupati | apan pun Surapati | buroning Kumpêni tuhu | lêhêng pinatêdhakna | dados galihing Kumpêni | saupami paduka angêkahana ||
491–492 dari 856

 


1 Anrangkusuman (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.25.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.25.1). (kembali)
2 Bandingkan: Dlèr (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.28.4). (kembali)
3 Singkatan iki, kata-kata dene ki bisa juga ditranskripsi menjadi denèki. (kembali)