Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
109 dari 170
492–493 dari 856
4.914–4.923 dari 8.560
109.036 Pangeran Pugêr gya prapta | sarta pugawa kêkalih | Jangrana lan Cangkraningrat[1] | lajêng tumamèng jro puri | Sindurja kang angirid | wus prapta ngarsa sang prabu | mèsêm nata ngandika | hèh yayi mas adipati | lah ing kene dèn kaparèng ngarsaniwang ||
109.037 majêng pangran adipatya | ing Pugêr myang pugawa tri | ngandika sri naranata | paran karsanira yayi | layange jendral iki | Si Surapati jinaluk | Êtak ikang dinuta [[f. 430r]] | anyêkêl Si Surapati | anging mangke maksih anèng ing Japara ||
109.038 hèh yayi sira pikira | ing kono lan pugawa tri | Dipati Sampang manêmbah | Jangrana matur ngabêkti | yèn suwawi ing gusti | pinaringêna pukulun | upami kinêkahan | tan wande yèn dados jurit | abdi dalêm Kumpêni kalawan Jawa ||
109.039 kèmêngan Prabu Mêngkurat | kang rayi matur ngabêkti | yèn kawula tan sêmbada | ature pugawa katri | mapan pun Surapati | angabdi ing jêng pukulun | dening mangke tinêdha | winastan dosa Kumpêni | tinurutan igih tuwan patêdhakna ||
109.040 nanging abdi dalêm Jawa | sampun wontên angrencangi | angrisak pun Surapatya | dimèn cinêpêng pribadi | igih pun Surapati | tan darbe dosa pukulun | nênggih dhatêng panduka | yèn abdi dalêm ngrencangi | yakti tuwan asikara tanpa dosa ||
109.041 lan punika băngsa Islam | dening mêksaning Kumpêni | panduka ikang anglèsa | ngakêna tan darbe dasih | dhatêng pun Surapati | ananing nagaranisun | puniku angawula | marang ing pêpatih mami | ya Si Anrangkusuma goning suwita ||
109.042 katujon sri naranata | myarsa ature kang rayi | gumujêng saha ngandika | bênêr yayi mas dipati | mêngkono saur mami | kawrata ing angsul-angsul | dening Kumpêni mêksa | anjaluk Si Surapati | sun pundhute [[f. 430v]: pu...ndhute] iya têka dèn cêkêla ||
109.043 hèh sira iya Sindurja | payo mêtua dèn aglis | dhawuhna maring wajidan | mêngkono timbalan mami | nuli tundhungên aglis | lan utusana sirèku | angatêrna Sêmarang | lan pracayakêna malih | kang sun tuduh rumêksa marang Si Êtak ||
109.044 pangane anèng ing marga | ya si răngga ing Sêmawis | Arya Sindurja gya mêdal | sapraptanira ing jawi | wajidan dèn dhawuhi | ing timbalane sang prabu | wus amit gya umêsat | pan sampun wartèng Kumpêni | kang ajaga nêgari ing Kartasura ||
109.045 tan winarna lampahira | ya ta wau sri bupati | aris dènira ngandika | hèh yayi mas adipati | sira sun srahi kardi | dhawuhna timbalanisun | lamun Si Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | lan Si Anrangkusuma sun karya wayang ||
492–493 dari 856

 


Cakraningrat (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.91, Pupuh 109.36.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.36.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 190.3.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.36.3). (kembali)