Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
110 dari 170
503–504 dari 856
5.027–5.036 dari 8.560
110.075 | tuwanana payo adhimas dèn egal | mênawa nêniwasi | pangeran dipatya | sandika ngaras pada | tumêdhak saking Sitigil | mring Kamandhungan | panggih lan [[f. 439r]: la...n] wadyanèki || |
110.076 | wadya Kapugêran anèng Kamandhungan | walulas kang Pinilih | binaktèng pangeran | kinèn salin busana | kadya wonge Surapati | muwah pangeran | busananira salin || |
110.077 | iya mindha kadya wonge Surapatya | sawadyanira sami | sigra jêng pangeran | mingêr ngilèn lampanya[1] | mangalor anjog ing masjid | wadya walulas | tan ana sah lan gusti || |
110.078 | nulya mêdal saking masigit mangetan | ing alun-alun prapti | ya ta Surapatya | awas dènnya tumingal | yèn Pangran Pugêr nulungi | sigra umasah | wongira rêbut dhingin || |
110.079 | Surapati angantêp pangamukira | miwah radèn apatih | wong Kumpêni tadhah | ya ta kanjêng pangeran | saha wadya marêpêki | napung ing yuda | amamor Surapati || |
110.080 | jêng pangeran prapta ing ngarsanira Tak | dyan kinarutug bêdhil | pangeran apanggah | sarwi angagêm watang | Kyai Palèrèd kinardi | ingêmbat sigra | sira Tak dèn larihi || |
110.081 | jajanira watgata anrus walikat | niba tan angulisik | wadyèng Kapugêran | walulas ngamuk rampak | alyir banthèng tawan kanin | numbak Wêlănda | kabèh lir numbak cindhil || |
110.082 | têtumpêsan Kumpêni pating gulimpang | tan ana măngga pulih | gêmpur ingamukan | ing wadya Kapugêran | miwah Radèn [[f. 439v]: Radè...n] Surapati | Kumpêni pêjah | wangke susun atindhih || |
110.083 | wong Kumpêni winatara ikang gêsang | salawe lan wong Bugis | sumyur pan lumajar | ya ta Radèn Sindurja | Kumpêni dipun tulungi | kang nandhang brana | samya binaktèng loji || |
110.084 | Surapati kalawan sawadyanira | sadaya lir angipi | jêng sri naranata | kang mugèng Sitibêntar | suka angandika aris | tuhu prawira | iya Si Surapati || |
503–504 dari 856
1 | lampahnya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.100, Pupuh 110.77.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.86.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.77.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 194.19.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.77.4). Bandingkan: lampahira (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.78.4). (kembali) |