Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
111 dari 170
512–513 dari 856
5.112–5.121 dari 8.560
111.072 hèh Martapura sirèki | jinaluk marang Wêlănda | timbalan dalêm maringong | miwah kang catur pugawa | yèn sira wani nglawan | isun kinèn milu ngamuk | lawan sakănca manira [[f. 445v]] ||
111.073 Pangran Natakusuma ngling | igih adhi Martapura | yèn besuk prapta loji jro | yèn pêkênira cinandhak | kabèh kănca manira | nora talangke angamuk | yèn dika wani anglawan ||
111.074 barêng mati barêng urip | bupati kalawan sira | Martapura lon ature | yèn mêkatên kang timbalan | igih purun kawula | wuwuha Kumpêni sèwu | kawula datan sumigah ||
111.075 amusuh lawan si kapir | ing pundi gone kapanggya | ngrasanga baluwartine | pan igih purun kawula | sun sêdya sabilolah | alah silih raganisun | mati bubukên kewala ||
111.076 lêhêng mati prang lan kapir | yèn mati tuk marga padhang | sarwi anampèl pupune | sukèng tyas pugawa pănca | miyarsa ing sagupnya | Ki Martapura ambubruk | ing dalu datan winarna ||
111.077 ya ta kawarnaa enjing | pugawa samya sanega | Radèn Sindurja wadyane | satus ikang pêpilihan | kang badhe sarêng pêjah | kang arsa binêkta masuk[1] | dening wadya kathah-kathah ||
111.078 badhe mugèng jawi loji | Pangeran Natakusuma | salawe pêpilihane | kang badhe sabaya pêjah | Tumênggung Suranata | sawidak sêntananipun | kang samya tumut palastra ||
111.079 Ki Magunonêng amilih | wong Pathi pan kawan dasa | kang yogya barêng lêbure | Ki Binarong [[f. 446r]] pilihannya | antuk wong salawe prah | kang badhe tumut malêbu | ing loji sabaya pêjah ||
111.080 Tumênggung Martapurèki | amilih wong kawan dasa | wadyèng Jêpara nom-anom | kang samya dinulangmangap | yogya naur kantaka | Radèn Arya Sindurjèku | sigra angrasuk busana ||
111.081 dhuwung sakawan winangking | kalima cundrik punika | kang minăngka cêcothene | Pangeran Natakusuma | making[2] dhuwung têtiga | Kyai Gupita ing ngayun | cinothe mugèng adhakan ||
512–513 dari 856

 


Bandingkan: mantuk (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.108, Pupuh 111.77.6); mangsuk (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.76.6); ngamuk (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.77.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.76.6). (kembali)
mangking (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.80.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.100.5; YSP1042, Pupuh 132.81.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.80.5). (kembali)