Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
111 dari 170
506–507 dari 856
5.054–5.063 dari 8.560
| 111.014 | iku padha sun paringi | nglimang atus luguhira | kalawan adhi maninge | si paman Natakusuma | isun karya wêdana | wong gêdhe wêdananipun [[f. 441r]: wêdanani...pun] | kang rayi jumurung karsa || |
| 111.015 | mupakat samya ngastrèni | sagung ikang pra dipatya | ing karsanira sang katong | nahan gantya kawuwusa | Rahadèn Surapatya | ikang maksih dèn bêbujung | ing ênu datan winarna || |
| 111.016 | ing Pasuruhan wus prapti | sagunging para dipatya | abêbujung bali kabèh | ya ta Radèn Surapatya | kang anèng Pasuruhan | wus têtêp dènira luguh | tan ana ikang sumêla || |
| 111.017 | suyud nagri kanan kering | ing Bangil lan Prabaliga | ing Pajarakan wusdene | myang ing Japan Wirasaba | ing Daha lan Sarêngat | ing Malang Rênon sumuyud | sawakèng[1] mring Pasuruhan || |
| 111.018 | sawetaning Arga Wilis | seba kang băngga binahak | sampun andadi barise | ya ta sagung pra dipatya | măncanêgara prapta | ing Kartasura wus katur | ing nata sasolahira || |
| 111.019 | sukèng tyas sri narapati | ya ta ikang kawuwusa | pan wus miyarsa wartine | Kumêndur Sêlut Driansah | kang anèng ing Japara | yèn Kapitan Êtak lampus | tumpêsan Kumpêninira || |
| 111.020 | ayuda lan Surapati | ing alun-alun dènnya prang | sêmana mêngkak manahe | Kumêndur Sêlut Driansah | sampun akarya surat | kang dinuta layar gupuh | maring nagri Batawiyah [[f. 441v]] || |
| 111.021 | mêngkana ikang winarni | Radèn Arya Sindurêja | pan sampun mêsat dutane | marang ing nagri Japara | pangandikaning nata | kinèn pra sandu asung wruh | yèn Êtak tiwas ing yuda || |
| 111.022 | miwah wadyaning nrêpati | akathah kang nandhang brana | ikang palastra padene | kang duta prapta Jêpara | ngaturakên pustaka | maring ing Kumêndur Sêlut | Driansah gya tinupiksa || |
| 111.023 | miyarsa têmbunging tulis | kumêndur èmêng i nala | kalakung mêkak manahe | miyarsa têmbunging surat | tan mawi wêwangsulan | mêngkana ikang cinatur | pan nêgari ing Jêpara || |
506–507 dari 856
| 1 | sewakèng. Bandingkan: seba (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.17.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.16.7; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.16.7); nungkul (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.17.7). (kembali) |