Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
113 dari 170
522–523 dari 856
5.217–5.226 dari 8.560
| 113.057 | sun durung miyat kang kadya iki | pasanging pasêmon- | ing dyah kang mirib dhiajêng kiye | nadyan untap-untapan tan manggih | ing warna ri dèwi | myang solahing sêmu || |
| 113.058 | wus sinaosakên kang rama glis | pangran ngandika lon | sira saosna gustinira ge | sa dyah tumukul kapêksa ajrih | sinaoskên aglis | pawohan ing tamu || |
| 113.059 | ulat awrat basêngut saryandik | mara sarya ngesod | kumarempyang wutah pawohane | kang rama mèsêm atukup lathi | dyah saya abêngis | ulatnya bathuthut || |
| 113.060 | kang dèn basênguti radèn mantri | dènnya dulu mring wong | kaya nora wruh uwong sajêge | nora mambu putraning nrêpati | mring kadang pribadi | kaya wong kumêruk || |
| 113.061 | aja dadia putraning aji | baya bêdhog uwong | mandahane nêmua wong seje | mulat ing kadang lir pendah kukcing[1] | andulu cêcindhil | si diparag ngantu || |
| 113.062 | kang rama mèsêm sarya ngling aris | nêmbah anak ingong | iku gusti lan kadang tuwane | sang dyah nêmbah lumèsèr ing ngapti | sêmbahe kêmangi | matia ko dalu || |
| 113.063 | Pangran Dipati umatur aris | ing paman wot [[f. 455r]: wo...t] sinom | pitên paman dhiajêng yusyane | Pangran Pugêr angandika aris | kados undha-undhi | lawan sang abagus || |
| 113.064 | kala agèr duk kala sinapih | arinta nyar miyos | duk lagya nèng nagri Matarame | nadyan kaota lintang sawarsi | tan kongsi rong warsi | nênggih kaotipun || |
| 113.065 | amit ing paman pangran lumiring | ngatêrkên nèng regol | nulya wangsul pangran ing dalême | putra nata wus prapta ing jawi | dyan anitih wajik | ginrêbêg wadya gung || |
| 113.066 | tan kawarna lampahirèng margi | tumamèng kadhaton | sapraptane ngarsane sang rajèng | tur bêkti katur solahnya nguni | mèsêm sri bupati | angandika arum || |
522–523 dari 856
| 1 | kucing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.118, Pupuh 113.61.4). (kembali) |