Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
117 dari 170
530–531 dari 856
5.296–5.305 dari 8.560
117.002 kagèt Pangeran Dipatya | awungu tangi tan angling | malah api-api nendra | sang dyah ayu bêrkas-bêrkis | sumakeyan wong sigit | ithik-ithik nuli mutung | jênat sun amit lunga | sang dyah tumurun aririh | miyak gubah pangeran adhurakalan [[f. 463v]] ||
117.003 saksana anyandhak asta | pangeran angarih-arih | mirah adi Kapugêran | arsa dhatêng pundi gusti | tan wande sun nêmahi | ing lara lênglêng anglamung | yèn tan tulus sihira | tuwasana isun gusti | amisiki kusuma mêdhar asmara ||
117.004 nguculi panisêtira | cindhe puspita rinukmi | pangran awala kewala | ingêmban sang kadi Ratih | sang dyah amiwal kapti | jênat udhunêna isun | sun mulih Kapugêran | nèng kene anyênyampuri | de wong agung dening sun iki wong papa ||
117.005 pangran baud ing asmara | wus tate misik kênya di | amanggih rêtna susila | ginunturan ing pangrêmih | lir satpadarsa lagi | mrawasèng sari akicup | sêkar maksih amulya | pinrih lunture kang sari | gya pangeran mawantah ing yudasmara ||
117.006 muhung srênggara kalangan | lir bramara ngêsêp sari | sang pinrih canggèh ngasmara | kagunturan sabda manis | sang dyah saya nisêti | maras tyasira kalakung | kakung datan dêrana | sinarèkakên sang dèwi | jêlih-jêlih anguwuh mring inyanira ||
117.007 kang saos jawining gubah | sirêp sadaya aguling | mung kari inyane sang dyah | awasta Nyai Sulastri | saos jawining samir | amawa toya ing sangku | nanging tan katingalan | marang sira sang lir Ratih | tinimbalan ni inya [[f. 464r]: i...nya] pi-api nendra ||
117.008 sang dyah lingnya sambat biyang | tulungana aku dhingin | paran ta polah manira | mêngko baya anêmahi | wêdi yèn banjur mati | polahe wong iki rusuh | kaya dudu satriya | bok dèn samêne sadhidhik | yèn rusaka sapa baya kang kelangan ||
117.009 mèsêm Pangran Adipatya | saya gumêrgut ing kapti | pratigya[1] ing dalêming tyas | sira Pangeran Dipati | dahat wiranging ati | luputa pamurwèng lulut | nigasi ing kalangyan | tuhu yèn mudha ing rêsmi | risaksana mangrurah rarasing wastra ||
117.010 sa dyah ngêsês sarya nyakar | suthik sukan bok ngêmasi | pangran ling kang ora-ora | takona ing Si Sulastri | bok ana date mati | iya wong pinurwèng lulut | saliran tan umojar | kaya pa biyang Sulastri | rara kênya pinurwèng gati ing priya ||
117.011 sun biyang durung jêjagang | durung ngandêli bêbiting | kasêlak ing musuh prapta | durung duwe obat mimis | musuh dibya nêkani | tur sêkti prawirèng luhung | suthing sukan manira | amapaga ing ajurit | ajrih isun kasambut ing adilaga ||
530–531 dari 856

 


pratignya. (kembali)