Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
118 dari 170
532–533 dari 856
5.316–5.325 dari 8.560
| 118.007 | sapraptane ing tilam sang dèwi | tansah anèng pakon | lir sodama kang sêndhu ririse | sarawungan sipta rêga rêsmi | tinon mêlik-mêlik | lir litang mèh surup || |
| 118.008 | sagung rabine para dipati | kang sami asaos | myang pra inya pan wus tangi kabèh | tabuh tiga wayahe mèh ari | umung para manis | samya atêturuh || |
| 118.009 | Ratu Kulon risaksana mijil | prapta tilik gandhok | lakung tustha umiyat putrane | anêrka yèn wus anugal rêsmi | kacina ing warni | ijo alum-alum || |
| 118.010 | tan kawarna solahirèng latri | enjing winiraos | para rum samya sanega kabèh | angayap ing pangantyannya sami | kawarna ing jawi | Kapatihan umung || |
| 118.011 | Radèn Arya Sindurja pan aglis | angrasuk parabot | asanega sawadyabalane | saha gêgaman awarni-warni | têngran abra mahi | wus mugèng lêlurung || |
| 118.012 | margi kèbêkan wadya dyan patih | gya bubar punang wong | sapraptane panangkilan [[f. 465v]: panangki...lan] andhèr | sakèhing para pugawa mantri | wus kapanggih nangkil | sagêgamanipun || |
| 118.013 | abra gêgaman awarni-warni | lir prawata sinom | gaman ikang saking Sindurjane | banthèng kang laton ingkang angampil | nom-anom asigit | busananya murub || |
| 118.014 | samya lancingan sakêlat abrit | kandêlan suwaos | pinatra wêdhar ukiranane | lêlurahe carapang winaking[1] | lir dhaèng ngajawi | samya tatalakup || |
| 118.015 | gêgamannya Urawan pan asri | atêngêran ijo | acêciri abrit ing têngahe | ecelung tibèng pandhan ingarani |[2] wongira kulambi | ijo udhêng wungu || |
| 118.016 | gêgamane Wirawidigda sri | agandera dadol | sinantên asri Saragênine | akulambi bang ya udhêng putih | Panumbak kulambi | abang udhêng biru || |
532–533 dari 856
| 1 | winangking (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.130, Pupuh 118.14.4). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: celung tibèng pandhan ranirèki (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 21.14.4). (kembali) |