Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12–13 dari 170
79–80 dari 856
785–794 dari 8.560
012.100 wruhanira lawan sira nini | sajatine apan ta wong liya | sanak pêpanggihan bae | wus aja sira tutur | lah sigêgên aja na warti | saujare kang rama | sang rêtna anurut | ya ta ikang kawarnaa | Radèn Lêmbu Pêtêng ikang saking sabin | sarêng surup praptanya ||
012.101 anèng pagagan kalaning wêngi | Ki Lêmbu Pêtêng datan apisah | tugal kalawan gurune | kyai agêng ing Tarub | anèng dhepok siyang myang latri | samerade kang garwa | ki agêng kêkuwu | anèng dhepoking pêrtapan | mung kang putra sang rêtna wau Nawangsih | ikang sare ing wisma ||
012.102 ya ta datan kawarnaa latri | enjang pinanggihakên sêmana | apan wus pasthi jodhone | nimas rara ing Tarub [[f. 73v]: Taru...b] | lawan putra ing Majapait | Lêmbu Pêtêng kang nama | pan sampun katêmu | sadaya age panggiha | sang rêtna yu ya ta sampun apêpanggih | lawan putra pukuran ||
13. Pangkur
[Kraton Majapait bedhah. Radèn Patah jumeneng sultan wonten ing Demak.[1]]
013.001 ênêngêna kang kocapa | Adipati Bintara ikang winarni |[2] lami tan seba winuwus | marang ing Majalêngka | adipati ing Têrung ikang cinatur | datan eca manahira | anuli lumampah aglis ||
013.002 ing Bintara sampun prapta | ikang raka ya ta sampun kapanggih | Dipati Têrung umatur | kadospundi ta kakang | ikang karsa jêngandika ta puniku | alami batên asowan | dhatêng Prabu Maospait ||
013.003 karuwune jêngandika | ing ubanggèning sabên-sabên warsi | sohan dhatêng Majalangu | raose manah kula | nadyan kathah mantri dipati puniku | batên kadi jêngandika | sok dinangu mring sang aji ||
013.004 nadyan watêna kawula | batên sami lan jêngandika ugi | ikang dadya trêsnanipun | ing rama jêngandika | sampun lami paduka ingayun-ayun | ing Sang Prabu Majalêngka | lami kakang datan nangkil ||
013.005 kula itungi laminya | dika kakang tan sohan Majapait | tigang warsa laminipun | tan eca manah kula | karantêne kawula mariki gupuh | gèn kawula darbe kadang | kakang mring andika ugi ||
013.006 adipati ing Bintara | angandika iya bênêr pun adhi | ujarira nora luput | ing besuk isun seba | yèn wus Brawijaya manjing [[f. 74r]: ma...njing] Islam iku | Dipati Têrung aturnya | kawula kakang suwawi ||
013.007 yèn mêkatên karsa dika | lintang èwêd rasane ikang ati | igih sampeyan puniku | lamun adarbe karsa | sampun cicing-cicing[3] têlês ikang kayun | sampun wigih-wigih urang | igih kakang atur mami ||
79–80 dari 856

 


1 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.81. (kembali)
2 Lebih satu suku kata: Adipati Bintara kang winarni. (kembali)
3 cincing-cincing (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.81, Pupuh 13.7.5). (kembali)