Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
12 dari 170
70–71 dari 856
696–705 dari 8.560
| 012.011 | nora kandhêg sinogonan[1] gêni | Ki Agêng Tarub sampun dilalah | manahira salah gawe | ènthènging astanipun | kang dadangan dipun ukabi | sarêng kêkêb ingangkat | ki agêng ing Tarub | apan ta mangu sêkala | nora linyok amung ta pari sawuli | wau kang dipun êdang || |
| 012.012 | ya ta nulya kinêkêban malih | ênêngêna kang têngga dadangan | ucapên kang dhatêng lèpèn | ya ta sarawuhipun | meme papoking jabang bayi | bajur dhatêng dang-dangan | gêntosi ing kakung | kang raka mêntas ing wisma | sang dyah ayu ing wau atêngga gêni | ginêlak dènnya adang || |
| 012.013 | apan sinantêr urubing gêni | wus adangu lakung ing antara | nora sumub dadangane | sang dyah micarèng kalbu | liwat saking adade lami [[f. 63v]: la...mi] | dang-danganisun iya | asuwe tan sumub | nora talah-talah iya | salah gawe wong lanang kang tugu gêni | sun wêtara kewala || |
| 012.014 | dang-danganisun dipun ukabi | dening têka anglirakên wêkas | ing make sun tilikane | nulya kêkêb jinunjung | apan maksih pari sawuli | sang dyah atêbah jaja | iya nora luput | ujar isun silih apa | adhuh lae baya-baya wus pinasthi | isun pisah lan sira || |
| 012.015 | dening têka anglirakên wêling | mandahane aja dèn wêkasa | mundur têka salah gawe | sang dya[2] ayu amuwus | lakinira dipun takoni | ki umah pêkênira | baya gagung-gagung[3] | ing wau sapukur iwang | pêkênira baya angukab-ukabi | ing dang-dangan manira || |
| 012.016 | ya ta ki agêng alon nauri | isun ora ngukabi dang-dangan | sang rêtna ayu wuwuse | garoh têmên aganggu | salah gawe para puniki | ngêndi ana wong lanang | iya nora patut | têka ngukabi dang-dangan | alah iya ki umah sampun pinasthi | isun kalawan sira || |
| 012.017 | awêkasan nora apêpanggih | pêkênira kalawan manira | sampun sêmantên jangjine | dipun abêcik kantun | mung sawiji manira titip [[f. 64r]] | ing anak pêkênira | ing sapukur isun | sampun para siya-siya | pan manira asal saking widadari | pan isun kamanusan || |
| 012.018 | isun mangke kamanusyan malih | iya saking tikah pêkênira | banggi ta sampun takdire | kakung tan kêna muwus | sakalakung ngungun kapati | kaya dèn tututana | budine kang luput | alês[4] sarirane lupa | dening garwa ing manah asêmu runtik | gêgêtune sawarsa || |
| 012.019 | sangêt gêlane sang liring sari | apan beda lawan saban-saban | owah sakalir barange | wus adoh manahipun | kawarnaa ing lami-lami | ical kasêktènira | tan kadi karuwun | sangêt dènnya kamanusyan | sakalire owah kalawan rumiyin | Dèwi Anawangwulan || |
| 012.020 | kalampahan nênggih sabên enjing | angratêngi sêkul lawan ulam | jamak-jamak lan wong akèh | katêkanan anutu | nora pêgat ing sabên enjing | awêkasan wus têlas | kang pari salumbung | apan ta sampun alama | awêkasan punang kulambi kapanggih | anèng ing dhasar pisan || |
70–71 dari 856
| 1 | sinugonan. (kembali) |
| 2 | dyah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.71, Pupuh 12.15.4). (kembali) |
| 3 | ganggu-ganggu (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.9.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.9.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.105.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.9.7). (kembali) |
| 4 | anglês (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.11.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.11.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.107.8). (kembali) |