Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12 dari 170
72–73 dari 856
716–725 dari 8.560
012.031 binakta migah kang jabang bayi | wus sinèlèhakên pêpagungan | nulya tinilar putrane | mudhun Ki Agêng Tarub | ikang putra sangêt anangis | ya ta sampun ingobar | mêrang kêtan wulung | ya ta aglis tan antara | ikang ibu cinarita anuruni | nêsêpi ikang putra ||
012.032 kèndêl wau gènira anangis | Ki Agêng Tarub eca kang manah | kang putra kèndêl tangise | jabang bayi atutut | sampun wau gènnya nêsêpi | ikang putra tinilar | angambara sampun | dhumatêng kayanganira | pan sapisan panêsêpe jabang bayi | sabên dina mêngkana ||
012.033 datan arsa anusua malih | iya amung sapisan kewala | sabên ing wayah têngange | lare alit atutut | kawarnaa sampunnya lami | jabang bayi punika | tan arsa anusu | agêlis agêng walagang | wus sinapih wau Ni Rara Nawangsih | awayah sêsapinghan[1] ||
012.034 wus katawis yèn ayu linuwih | suwarnane sang rêtna winawang | nora adoh lan ibune | sêmana wayahipun | lagya jêpên wau atapih | lagi pangrusak [[f. 66r]: pangrusa...k] taman | mêngkana winuwus | wau ta ikang kocapa | putranira Brawijaya Majapait | nanging kocap sinampar ||
012.035 ginadhahakên[2] ing juru sabin | winastan Radèn Bondhankajawan | pan dawêg pangèn wayahe | umur sadasa taun | cinarita purwanya dhingin | duk lagi durung ana | Radèn Bondhan iku | Brawijaya Majalêngka | duk agêrah rajasinganên narpati | tan kêna sinewaka ||
012.036 duk asare kala anaritis | alêlèmèk gadhong[3] rudamala | bata sarimbag bantale | watên syara karungu | mring sang nata ing Majapait | ujare punang syara | hèh iya sang prabu | arêp ta sira warasa | sakitira kang rajasinga nrêpati | asarea lan Wandhan ||
012.037 sira tugala sare sarêsmi | dening nuli ilang sakitira | iku dadi têtambane | ilang sakite sampun | Brawijaya ing Majapait | pèngêt ujaring syara | ya ta sang aprabu | angartika jroning nala | alah ngêndi ana Wandhan kang prayogi | emut Sang Brawijaya ||
012.038 yèn ana parêkan Wandhankuning | apêparab Ni Driyasakara | mung sirik bontit remane | warnane luwih ayu | sarirane lir mas sinangling | ikang darbe parêkan | nênggih ni mas ratu | Dyariwati[4] ikang nama | putri Cêmpa punika purwane dhingin | kang garwa Brawijaya ||
012.039 Ni Wandhankuning punika putri | binayong dhatêng [[f. 66v]] Sang Prabu Cêmpa | duk nagri Wandhan bêdhahe | punika milanipun | ya ta nuli Ni Wandhankuning | sêmana ingandikan | dhumatêng Sang Prabu | Brawijaya Majalêngka | duk asare kalawan Ni Wandhankuning | apan ta sacombana ||
012.040 kagêm sapisan ical kang sakit | Ni Wandhankuning anuli wawrat | sampun dhatêng sêmayane | lair kang putra jalu | ginadhahkên ki juru sabin | iku purwane kuna | kandhane karuwun | Rahadèn Bondhankajawan | ikang putra Brawijaya Majapait | patutan saking Wandhan ||
72–73 dari 856

 


sêsapihan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.173, Pupuh 12.33.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.26.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.26.10). (kembali)
ginadhuhakên. (kembali)
godhong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
Dyarawati. (kembali)