Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
12 dari 170
76–77 dari 856
758–767 dari 8.560
| 012.073 | wus sinambrama wau juru sabin |[1] nulya amit wau atur sêmbah | lèngsèr saking ngayunane | kyai agêng ing Tarub | saukure[2] ki juru sabin | Radèn Bondhankajawan | aligih tumukul | Ki Agêng Tarub ngandika | lah ki êmas karasan sira ta gusti | ana ing padhukuhan || |
| 012.074 | iku sadulurira pawèstri | kawlasarsa tinilar ing biyang | siji tan ana tugale | iku karyanên dulur | apêparab Rara Nawangsih | sira sanake lanang | sang rêtna inguwuh | rara sira marenea | iki uga sanakira lagi prapti | têka ing pangumbaran [[f. 70v]: pangu...mbaran] || |
| 012.075 | amituhu Ni Rara Nawangsih | ing wuwuse wau ramanira | wantunipun maksih rare | sêmana wayahipun | apan lagi rumaja putri | dèrèng wruh sibasipta[3] | kusumane ngayu | dèrèng kêkêmbên sêmana | milanipun bangut[4] turut kang wêwêling | ing saujaring rama || |
| 012.076 | ya ta alulut Dèwi Nawangsih | dhumatêng Radèn Bondhankajawan | apan ta kakang basane | tugal rama lan ibu | pangrasane Rara Nawangsih | mila kusuma rara | rumakêt sadulur | tan ana rasa-rumasa | dhasar maksih alit sinungan wêwêling | yèn iki sanakira || |
| 012.077 | Ki Agêng Tarub ngandika aris | sira radèn sun alihkên aran | saking karsanisun dhewe | aranira karuwun | pan Ki Bondhankajawan uni | isun alihkên nama | lamun sira sarju | Ki Lêmbu Pêtêng ta sira | aranira rahadèn anuwun kang sih | tan lênggana ing karsa || |
| 012.078 | cinatur wau sampun alami | Rahadyan Bondhan pan sampun karan | Ki Lêmbu Pêtêng namane | kyai agêng ing Tarub | kadya putra gènnya ayogi | pan nora sêla-sêla | ki agêng ing Tarub | gènira adarbe putra | dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng anglakungi | gènnya amrih dadosa || |
| 012.079 | dhasar wong tapa tingale sidik | sampun dèn ingêr nênggih kang jagat | pan ora samar tingale | milanira lêstantun | ing sasolah wus angsal wisik | wong sampun kautaman | ki agêng ing Tarub | anadene [[f. 71r]: anade...ne] ikang putra | Radèn Lêmbu Pêtêng tansah dipun wisik | satikah polahira || |
| 012.080 | rahadyan lakung anuwun kang sih | apan nora lênggana ing karsa | anglampahi ing sapakèn | sampun masud aguru | rajaputra ing Majapait | ênggone muruk ika | ki agêng ing Tarub | kang akèn amangun tapa | kinèn nyambi gaga lawan punang sabin | wêranane kang tapa || |
| 012.081 | Rahadèn Lêmbu Pêtêng winarni | sadina-dina anèng pagagan | anandur karêmênane | akathah kang tinandur | ing pagagan dinulu asri | apan mawi kiriman | mantuk-mantuk surup | lagi karêm saba têgal | pangandika wau ikang dèn lampahi | sabên dina mangkana || |
| 012.082 | kawarnaa Ni Rara Nawangsih | angajêngakên birai sandhang | apantês salêlewane | sangsaya wibuh ayu | lan kang ibu nora kêkalih | lir satu lan rimbagan | warnane dinulu | apan dawêg turun pisan | Ni Nawangsih ikang ibu widadari | ikang rama manusya || |
76–77 dari 856
| 1 | Lebih satu suku kata: wus sinambrama ki juru sabin. (kembali) |
| 2 | saungkure (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.77, Pupuh 12.73.5). (kembali) |
| 3 | subasita. (kembali) |
| 4 | bangun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.77, Pupuh 12.75.9). (kembali) |