Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
12 dari 170
70–71 dari 856
693–702 dari 8.560
| 012.008 | sang dyah umatur dhatêng ing laki | pan kawula arsa akesaha | angumbah papok[1] mring lèpèn | apan boya adangu | mung dadanganisun[2] puniki | pêkênira tugua | ing wêwêkas ingsun | lah poma ing pêkênira | pema-pema sampun dika angukabi[3] | ing sapukur manira || |
| 012.009 | alah nora amêmêkas malih | anauri alah yayi iya | tigalên isun tugune | nulya kesah sang ayu | nyangking papok dhatêng ing kali | wau ta kawarnaa | ki agêng ing Tarub | ikang atêngga dadangan [[f. 63r]: da...dangan] | sarwi mamong ing putra kang maksih alit | sambi lêlês sêmana || |
| 012.010 | Ki Agêng Tarub micarèng ati | rabinisun pan sampun alama | egal si apa lamine | isun kayani pantun | mung salumbung pan ora rêmpid | iya sawabe apa | lakung bêrkatipun | pan isun ora anduga | kyai agêng maksih agarjitèng[4] ati | sarya têngga dadangan || |
| 012.011 | nora kandhêg sinogonan[5] gêni | Ki Agêng Tarub sampun dilalah | manahira salah gawe | ènthènging astanipun | kang dadangan dipun ukabi | sarêng kêkêb ingangkat | ki agêng ing Tarub | apan ta mangu sêkala | nora linyok amung ta pari sawuli | wau kang dipun êdang || |
| 012.012 | ya ta nulya kinêkêban malih | ênêngêna kang têngga dadangan | ucapên kang dhatêng lèpèn | ya ta sarawuhipun | meme papoking jabang bayi | bajur dhatêng dang-dangan | gêntosi ing kakung | kang raka mêntas ing wisma | sang dyah ayu ing wau atêngga gêni | ginêlak dènnya adang || |
| 012.013 | apan sinantêr urubing gêni | wus adangu lakung ing antara | nora sumub dadangane | sang dyah micarèng kalbu | liwat saking adade lami [[f. 63v]: la...mi] | dang-danganisun iya | asuwe tan sumub | nora talah-talah iya | salah gawe wong lanang kang tugu gêni | sun wêtara kewala || |
| 012.014 | dang-danganisun dipun ukabi | dening têka anglirakên wêkas | ing make sun tilikane | nulya kêkêb jinunjung | apan maksih pari sawuli | sang dyah atêbah jaja | iya nora luput | ujar isun silih apa | adhuh lae baya-baya wus pinasthi | isun pisah lan sira || |
| 012.015 | dening têka anglirakên wêling | mandahane aja dèn wêkasa | mundur têka salah gawe | sang dya[6] ayu amuwus | lakinira dipun takoni | ki umah pêkênira | baya gagung-gagung[7] | ing wau sapukur iwang | pêkênira baya angukab-ukabi | ing dang-dangan manira || |
| 012.016 | ya ta ki agêng alon nauri | isun ora ngukabi dang-dangan | sang rêtna ayu wuwuse | garoh têmên aganggu | salah gawe para puniki | ngêndi ana wong lanang | iya nora patut | têka ngukabi dang-dangan | alah iya ki umah sampun pinasthi | isun kalawan sira || |
| 012.017 | awêkasan nora apêpanggih | pêkênira kalawan manira | sampun sêmantên jangjine | dipun abêcik kantun | mung sawiji manira titip [[f. 64r]] | ing anak pêkênira | ing sapukur isun | sampun para siya-siya | pan manira asal saking widadari | pan isun kamanusan || |
70–71 dari 856
| 1 | popok (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.71, Pupuh 12.8.3). Bandingkan: popoking (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.2.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.2.3). (kembali) |
| 2 | dang-danganisun (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.71, Pupuh 12.8.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.2.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.2.5). (kembali) |
| 3 | angungkabi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.71, Pupuh 12.8.9). Bandingkan: ungkabi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.2.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.2.9). (kembali) |
| 4 | anggarjitèng (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.71, Pupuh 12.10.9). (kembali) |
| 5 | sinugonan. (kembali) |
| 6 | dyah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.71, Pupuh 12.15.4). (kembali) |
| 7 | ganggu-ganggu (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.9.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.9.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.105.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.9.7). (kembali) |