Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
12 dari 170
78–79 dari 856
775–784 dari 8.560
| 012.090 | ya ta kakange dèn paleroki | mandah silih dadia wanodya | dene akathah gandêse | pan tingal têrusipun | iya tingal têrusing ati | duk para nêkêl asta | ngong wrat tingal kalbu | dudu panyêkêle sanak | lamun liya sangsaya angêtarani | ulate nora sêdya || |
| 012.091 | wêcanane bisa amèt ati | ana apa ta wong akêkadang | apêrnesan wus pantêse | pan iya nora patut | bulèh dhingin duk maksih alit | pan mêngko wus diwasa | mila nora patut | para uga sun wêtara | ujar uwis wêruh ing duga prayogi | dening sampun atuwa || |
| 012.092 | Radèn Lêmbu Pêtêng anauri | isun wau anyêkêli asta | pan iya isun kalalèn | saking gupuh kaliru | tuna dukap ingsun nanggapi | pawohan tuna lêpat | aruntuh kaliru | mila dadi nêkêl asta | apuranên saking gupuh isun yayi | pan nora sun têmaha || |
| 012.093 | sang dyah angling kakehan kêkêlir | sajatine dhasar katêmaha | akèh-akèh pawadane | sagupipun kaliru | pan apadhang bulèh ing wêngi | lah malihe pawadan | saking gupuhipun [[f. 72v]: gu...puhipun] | kadêr ta age punapa | saya katon sira angarah sayêkti | i wong kinarya kadang || |
| 012.094 | isun ginawe sudara èstri | têmên-têmên yèn manah manira | ing lair têkèng batine | nanging ing manah isun | basa sanak sadulur uwis | ing dunya ing dêlahan | isun karya tugul[1] | sadulur tuwa tur lanang | ya ta Radèn Lêmbu Pêtêng anauri | bênêr têka ing sira || |
| 012.095 | iya uga isun ikang sisip | nanging baya jamake kawula | lali kalalèn duwene | wau isun andulu | maring para sakêdhap lali | nora kemutan pisan | yèn duwe sadulur | pangrasanisun wong liyan | ayunira yayi wau kang kaèksi | tan emut lamun kadang || |
| 012.096 | ing mangke mirah isun wus eling | marang sira yèn sadulur iwang | sang rêtna ayu wuwuse | datan kêna ginugu | wicarane mêmanas ati | jatine uga ala | wong amurang laku | wêruha yèn para ala | supayane manira gêlêma ngirim | ing wong kambali[2] sora || |
| 012.097 | pasthi isun matur mring kiyai | yèn mêngkono kakang polahira | rahadyan mèsêm saure | karsanira wong ayu | apawarta dhatêng kiyai | ya ta kusuma rara | anulya glis mantuk | sapraptanira ing wisma | nulya matur sira Ni Rara Nawangsih | dhumatêng ikang rama [[f. 73r]] || |
| 012.098 | kawula wau rama angirim | mring kakang Lêmbu Pêtêng punika | rama awon piyakahe[3] | sagupipun sadulur | nanging ujar kinarya lamis | igih rama kawula | eram sarêng rawuh | cinandhak asta kawula | ikang rama gumujêng sarwi nauri | apa nyata mêngkana || |
| 012.099 | balik panyêkêle kadipundi | nora uninga aduwe kadang | marang sira panyêkêle | ikang putra umatur | panyêpênge amambu ati | upami ladènana | awon tikahipun | ikang rama angandika | alah kaya lamun mêngkonoa nini | Ki Lêmbu Pêtêng uga || |
78–79 dari 856
| 1 | tunggul (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.79, Pupuh 12.94.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.74.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.74.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.15.7). (kembali) |
| 2 | kabali (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.76.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.76.10). (kembali) |
| 3 | piyangkahe (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.79, Pupuh 12.98.3). Bandingkan: piangkuhe (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.78.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.78.3). (kembali) |